1 Anadene saiki, he para imam, dhawuh iki kaparingake marang sira:
2 Manawa sira padha ora ngrungokake, lan ora nengenake ing bab ngluhurake marang asmaningSun, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- Ingsun bakal ndhawahake wewelak ana ing tengahira, sarta berkahira padha Sundadekake laknat, malah wus Sundadekake laknat, awitdene sira padha ora nggatekake.
3 Lah tanganira bakal Sunkethok, sarta rainira Sunpopok sesuker, yaiku tlethonge sembelehane riyayanira, banjur sira padha kagered menyang ing sesuker iku.
4 Temah sira padha eling yen Ingsun kang ndhawuhake pepakon iku marang sira, supaya tetepa prajanjianingSun klawan Lewi, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.