1 Nalika jumenenge para hakim tanah Israel nuju kambah ing pailan. Banjur ana sawijining wong ing Betlehem- Yehuda kang lunga neneka ana ing ngarene tanah Moab karo somahe lan anake lanang loro.
2 Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem -- Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.
3 Wasana Elimelekh, somahe Naomi tinggal donya, dadi Naomi kari karo anake loro.
4 Anake loro mau padha omah-omah oleh wong Moab, jenenge kang siji Orpa, sijine Rut; pamanggone ana ing kono suwene watara sepuluh taun.
5 Makhlon lan Khilyon sakarone uga padha tinggal donya, dadine wong wadon iku kelangan anake loro lan bojone.