2 Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem -- Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.
3 Wasana Elimelekh, somahe Naomi tinggal donya, dadi Naomi kari karo anake loro.
4 Anake loro mau padha omah-omah oleh wong Moab, jenenge kang siji Orpa, sijine Rut; pamanggone ana ing kono suwene watara sepuluh taun.
5 Makhlon lan Khilyon sakarone uga padha tinggal donya, dadine wong wadon iku kelangan anake loro lan bojone.
6 Naomi nuli mangkat kanthi mantune arep mulih saka ing tanah Moab, amarga ing tanah Moab kono dheweke oleh warta, yen Sang Yehuwah wus nuweni umate kalawan diparingi pangan.
7 Naomi banjur budhal saka papan padunungane, kairingake mantune karo pisan. Bareng ana ing dedalan arep mulih menyang tanah Yehuda,
8 Naomi nuli kandha marang mantune karo mau: “Wis padha balia mulih menyang omahe mbokmu dhewe-dhewe, Sang Yehuwah muga maringana kadarman marang kowe dikaya kang wis dadi panggawemu marang kang wis padha tinggal donya lan marang aku;