12 Sang Yehuwah muga karsaa paring piwales marang panggawemu iku, muga Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kokungseni ing ayoming swiwine iku karsaa maringi pituwas marang kowe kang satimbang.”
13 Rut banjur matur: “Dhuh bendara, kula saestu tampi sihpiwelas wonten ing ngarsa panjenengan, awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi sanadyan kula punika boten sami kaliyan para abdi panjenengan estri.”
14 Bareng tumeka wayahe wong mangan, Rut tumuli dikandhani dening Boas: “Majua mrene, melua mangan roti lan pulukanmu celupna ing cokak iki.” Rut dadine banjur lungguh ana ing sandhinge para wong derep, lan diulungi emping gandum gorengan dening Boas; anggone mangan nganti wareg, malah ana sisane.
15 Bareng Rut ngadeg arep ngasag maneh, Boas banjur prentah marang bature, pangucape: “Kareben ngasag ana ing sela-selane bentelan-bentelan uga, aja kokalang-alangi.
16 Malah kang tekeman terkadhang iya unusen sawetara, runtuhna, banjur tinggalen, kareben dikukupi, aja kokkasari.”
17 Pangasage Rut ana ing pategalan kono nganti tumeka ing wayah sore, dene asagane bareng diirigi oleh sair watara saefa.
18 Iku banjur dikukup sarta lumebu ing kutha. Bareng asagane dituduhake marang maratuwane, apadene sisane anggone mangan diwetokake lan diwenehake marang dheweke,