15 Bareng Rut ngadeg arep ngasag maneh, Boas banjur prentah marang bature, pangucape: “Kareben ngasag ana ing sela-selane bentelan-bentelan uga, aja kokalang-alangi.
16 Malah kang tekeman terkadhang iya unusen sawetara, runtuhna, banjur tinggalen, kareben dikukupi, aja kokkasari.”
17 Pangasage Rut ana ing pategalan kono nganti tumeka ing wayah sore, dene asagane bareng diirigi oleh sair watara saefa.
18 Iku banjur dikukup sarta lumebu ing kutha. Bareng asagane dituduhake marang maratuwane, apadene sisane anggone mangan diwetokake lan diwenehake marang dheweke,
19 banjur ditakoni dening maratuwane: “Ana ing ngendi anggonmu ngasag sadina iki lan anggonmu nyambut-gawe ana ing ngendi? Kaberkahana wong kang nggatekake kowe iku.” Rut banjur nyritakake marang maratuwane anggone nyambut-gawe iku ana ing panggonane sapa, pangucape: “Ingkang kula dhereki nyambut-damel ing dinten punika asmanipun Boas.”
20 Sawuse mangkono Naomi kandha marang mantune: “Wong iku muga kaberkahana dening Sang Yehuwah, kang karsa ngatingalake sih-kamirahane marang kang isih urip, sarta kang wis padha mati.” Sarta maneh calathune Naomi marang Rut: “Wong iku isih kaprenah sanak karo kita, iku panunggalane kang wajib nebus kita.”
21 Rut wong Moab tumuli matur: “Malah inggih wonten dhawuhipun dhateng kula makaten: Kowe tetepa ngetutake batur-baturku bae, nganti tumeka sarampunge panenanku kabeh.”