1 Rut banjur dikandhani dening Naomi maratuwane: “He anakku engger, apa ora prayoga aku nggolekake pangayoman kowe, murih kabegjanmu?
2 Lah Boas kang kaprenah sanak karo kita, kang bature wadon padha kokkancani, iku kabeneran mengko bengi napeni sair ana ing panuton;
3 mulane kowe adusa lan nganggoa lenga jebad sarta nganggoa sandhanganmu kang apik, banjur menyanga ing panuton kono. Mung bae aja nganti konangan wonge, sadurunge dheweke bakda mangan lan ngombe.
4 Sawuse dheweke mapan turu, titenana anggone mapan turu ana ing ngendi, endang lumebua, kemuling sikile ungkabana lan teturona. Ing kono kowe bakal dikandhani apa kang kudu koklakoni.”
5 Ature Rut marang Naomi: “Punapa sapangandika panjenengan badhe kula lampahi sadaya.”
6 Sawuse mangkono Rut banjur marani panuton sarta nglakoni apa saprentahe maratuwane kabeh.