10 Pangucape Boas: “He anakku engger! Kowe binerkahana dening Sang Yehuwah. Katresnanmu kang saiki iki ngluwihi kang dhisik, amarga kang koktutburi dudu wong nom-noman kang miskin utawa kang sugih.
11 Lah saikine, anakku engger, aja sumelang atimu; kabeh kang kokaturake iku bakal daktindakake tumrap ing kowe; amarga saben wong ing kutha kene ngreti, manawa kowe iku wong wadon kang becik.
12 Lah saikine, pancen aku salah sawijining sanak, kang wajib nebus, nanging sanadyan mangkono, isih ana liyane maneh kang wajib nebus kang luwih cedhak katimbang aku.
13 Wis nginepa ana ing kene ing sawengi iki, dene sesuk manawa dheweke gelem debus, iya prayoga kareben nebus, nanging yen ora seneng nebus awakmu, aku kang bakal nebus kowe, demi Sang Yehuwah agesang. Wis turua bae nganti tumeka ing wayah esuk.”
14 Rut banjur mapan turu ana ing sandhinge sikile Boas nganti tumeka ing wayah esuk; tangine ing wayah sadurunge wong bisa cetha ndeleng marang wong liyane, awit pangucape Boas: “Aja nganti kaweruhan, yen ana wong wadon teka ing panuton.”
15 Karo maneh pangandikane: “Slendhang kang kokanggo iku tadhahna!” Tumuli ditadhahake, Boas banjur naker sair nem taker, diesokake ing slendhang mau. Sawuse iku Boas banjur menyang kutha.
16 Satekane ing omahe maratuwane Rut ditakoni: “Kapriye, he anakku engger?” Rut tumuli nyaritakake marang maratuwane apa sapanggawene wong iku marang dheweke,