3 mulane kowe adusa lan nganggoa lenga jebad sarta nganggoa sandhanganmu kang apik, banjur menyanga ing panuton kono. Mung bae aja nganti konangan wonge, sadurunge dheweke bakda mangan lan ngombe.
4 Sawuse dheweke mapan turu, titenana anggone mapan turu ana ing ngendi, endang lumebua, kemuling sikile ungkabana lan teturona. Ing kono kowe bakal dikandhani apa kang kudu koklakoni.”
5 Ature Rut marang Naomi: “Punapa sapangandika panjenengan badhe kula lampahi sadaya.”
6 Sawuse mangkono Rut banjur marani panuton sarta nglakoni apa saprentahe maratuwane kabeh.
7 Bareng Boas wus rampung anggone dhahar lan ngunjuk sarta panggalihe rena, tumuli mapan sare ana ing pojokane tumpukan sair. Rut banjur alon-alon lumebu, ngungkabi singebing sampeyane Boas sarta teturon ana ing kono.
8 Bareng ing wayah tengah wengi Boas wungu kalawan kejot, nuli nggrayangi ing sakiwa tengene, lah kok ana wong wadon teturon ing sandhing sampeyane.
9 Pangucape Boas: “Sapa kowe iku?” Ature kang kasapa: “Kula punika ingkang abdi Rut; panjenengan mugi karsaa ngegaraken swiwi panjenengan saha ngayomi dhateng ingkang abdi, amargi panjenengan ingkang wajib nebus kula.”