Rut 4:6-12 JAV

6 Kang wajib nebus banjur calathu: “Manawi makaten kula boten saged nebus, amargi badhe ngrisakaken siti pusaka kula piyambak. Pangajeng-ajeng kula, mugi panjenengan karsa nebus ingkang pancenipun kedah kula tebus, amargi kula boten saged nebus.”

7 Dhek jaman kuna manawa ing tanah Israel ana wong nebus utawa ngliyakake, supaya ndadekna tetepe sadhengah prakara, iku adate mangkene: Wonge nyopot trumpahe lan ditampakake marang lawanane. Mangkono carane wong ngabsahake prakara ana ing Israel.

8 Kang wajib nebus mau banjur kandha marang Boas: “Sumangga panjenengan pundhut kagem panjenengan piyambak.” Lan trumpahe ditinggal.

9 Boas tumuli kandha marang para tetuwane lan marang wong akeh: “Panjenengan sadaya sami dados seksi ing dinten punika, bilih kula numbas samukawis tilaranipun Khilyon kaliyan Makhlon, panumbas kula saking tanganipun Naomi;

10 makaten ugi Rut tiyang Moab, randhanipun Makhlon punika inggih kula pendhet dados semah kula, supados nggesangna malih namanipun ingkang sampun tilar tumrap ing siti pusakanipun. Kalayan makaten namanipun tiyang punika boten sirna saking gelenganing kulawangsanipun saha saking warga kithanipun. Panjenengan sami dadosa seksi ing dinten punika.”

11 Sakehing wong kang ana ing gapura dalah para pinituwa banjur padha ngucap: “Inggih kula sami dados seksi, Sang Yehuwah mugi karsaa ngganjar dhateng tiyang estri ingkang badhe manggen wonten ing dalem panjenengan punika, kadadosna sami kaliyan Rakhel tuwin Lea, ingkang kalih-kalihipun sampun sami mbangun umat Israel, panjenengan dipun santosa wonten ing Efrata saha asma panjenengan misuwura wonten ing Betlehem.

12 Tedhak-turun panjenengan samia kados tedhakipun Rama Peres, putranipun Rama Yehuda ingkang patutan saking Ibu Tamar, lantaran para putra ingkang badhe kaparingaken Yehuwah dhateng panjenengan patutan kaliyan tiyang estri nem punika!”