6 Dene ana bangsa kang nglurugi nagaraku,bangsa kang kuwat lan tanpa wilangan cacahe,untune kaya untu singa,lan siyunge kaya siyung singa wadon.
7 Witku anggur padha karusak,lan witku anjir padha dikethoki,dikletheki lan dirubuhake,sarta pang-pange padha dadi putih.
8 Ngadhuh-adhuha kayadene prawan kang manganggo bagor,marga saka pacangane, kekasihe nalika isih enom.
9 Kurban dhaharan lan kurban unjukan wus ilangsaka ing padalemane Sang Yehuwah;para abdine Pangeran Yehuwah,yaiku para imam, padha susah.
10 Pategalan wus rusak,bumi ngenes,awit gandume wus sirnaanggure wus garing,lengane wus nipis.
11 Para wong tani padha kisinan,para tukang kebon anggur padha ngadhuh-adhuh,marga saka gandum lan sair,awitdene panenaning pategalan wus lebur kabeh.
12 Wite anggur wus garinglan wite anjir wus alum,mangkono uga wite delima,wite kurma lan wite apel,sarupane wit ing ara-ara wus padha garing.Sanyata, kabungahan sirnaoncat saka para anaking manungsa.