1 Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion,lan padha surak-suraka ana ing gunungingSun kang suci!Sakehe wong isine nagara padha getera,awitdene dinane Pangeran Yehuwah teka, wus cedhak;
2 sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong,dina kang mendhung lan peteng lelimengan;ana bangsa kang gedhe sarta santosamratani gunung-gunung kaya bangbang wetan,kang kaya mangkono iku durung tau anawiwit kuna mula;lan ing sapungkure iya bakal ora ana,turun-tumurun, ing tembe buri.
3 Ing ngarepe ana geni kang memangsa nganti ludhes,lan ing burine ana urubing geni kang nggesengake.Tanah kang ana ing ngarepe kaya patamanan Eden,nanging ing burine pasamunan kang mati;sarta ora ana kang bisa ngoncati bangsa mau.
4 Rupane kaya jaran,lan playune iya kaya jaran mbandhang.
5 Anggone padha mencolot-mencolot ngliwati pucake gunung-gunungkaya kumrasaking kreta,lan kaya perkataking genikang ngobong dami;kaya bangsa kang kuwat,wadya-balane samekta ing perang.