12 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Nanging saiki uga, padha mratobatamarang Ingsun kalawan gumolonging atinira,kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”
13 Atimu suweken, aja sandhanganmu,sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu,dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan,gedhe sabare lan luber kamirahane,Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.
14 Sapa kang ngreti, bokmanawa karsa mengker lan piduwung,sarta nilari berkah,kagawe kurban dhaharan lan kurban unjukansumaos marang Pangeran Yehuwah, Allahmu.
15 Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion,nganakna puwasa kang suci,ngundhangna parepatan agung.
16 Bangsa iki klumpukna,pasamuwane sucekna,nglumpukna para pinutuwa,dalah para bocah pasuson pisan,panganten lanang supaya metu saka ing kamare,lan panganten wadon saka ing kamar paturone.
17 Para imam, para abdine Sang Yehuwah,padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah,sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka,bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada,temah dipun poyoki dening para bangsa.Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa:Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”
18 Pangeran Yehuwah dadi benter ing panggalih marga saka tanahe,sarta welas-asih marang umate.