15 Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion,nganakna puwasa kang suci,ngundhangna parepatan agung.
16 Bangsa iki klumpukna,pasamuwane sucekna,nglumpukna para pinutuwa,dalah para bocah pasuson pisan,panganten lanang supaya metu saka ing kamare,lan panganten wadon saka ing kamar paturone.
17 Para imam, para abdine Sang Yehuwah,padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah,sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka,bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada,temah dipun poyoki dening para bangsa.Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa:Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”
18 Pangeran Yehuwah dadi benter ing panggalih marga saka tanahe,sarta welas-asih marang umate.
19 Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulanlan ngandika marang umate:“Lah, sira bakal Sunkintunigandum, anggur lan lenga,lan sira bakal mangan nganti wareg.Ingsun ora bakal ndadekake sira dadi cacadan manehana ing antarane bangsa-bangsa.
20 Kang teka saka ing lor bakal Sunedohake saka ing sira,lan bakal Sunbucal menyang nagara kang mati lan garing,pucuking pabarisane Suncemplungake ing sagara wetan,lan pethiting pabarisane ing sagara kulon,nuli mumbul ambune kang bacin lan gandane kang banger,awitdene wus nglakoni prakara kang gedhe,
21 He tanah, aja wedi,surak-suraka lan bungah-bungaha,sabab Pangeran Yehuwah uga wus nindakake prakara kang gedhe!