22 He, sato-kewan ing ara-ara, aja padha wedidene pangonan ing ara-ara padha ijo riyo-riyo,wit-witan padha metu wohe,wit anjir lan wit anggur padha menehake kasugihane.
23 He, bani Sion, padha surak-suraka,lan padha bungah-bungahamarga saka Pangeran Yehuwah, Allahira,marga sira wus diparingi,udan awal kalawan adil,iya udan awal lan udan akhir kaya biyen.
24 Panuton-panuton bakal padha kebak gandumsarta pamipitane luber anggur lan lenga.
25 Ingsun bakal paring marang sira pulihetaun-taun kang pametune entek kamangsadening walang alihan, walang kang mlumpat,walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti,wadya-balaningSun kang gedhe kang Sunutus menyang ing tengahira
26 Sira bakal padha mangan akeh, nganti wareg,sarta sira bakal memuji asmane Sang Yehuwah, Allahira,kang wus nandukake kaelokan marang sira,karodene umatingSun ora bakal nandhang wirang ing salawas-lawase.
27 Lan sira bakal padha sumurup yenIngsun iki ana ing tengahe Israel,sarta yen Ingsun iki Yehuwah, Allahira, ora ana maneh kajaba Ingsun,lan umatingSun bakal ora nandhang wirang maneh ing salawas-lawase.”
28 “Sawuse mangkono bakal kelakon,Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang manungsa kabeh,temahan anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit;para pinituwanira bakal padha oleh pangimpen,lan nom-nomanira padha ndeleng wahyu.