6 Adu arep karo iku, bangsa-bangsa padha gumeter,guwayane kabeh padha saya pucet.
7 Playune kaya pahlawan,kaya prajurit anggone ngunggahi baluwarti,siji-sijine padha lumaku terusora nganggo nyimpang saka ing dalane;
8 ora padha suk-sukan,siji-sijine ngambah ing dalane dhewe,nrajang pabarisan kalawan sikep gegaman tumbak,anggone baris kareksa aja nganti pedhot.
9 Banjur nyerbu menyang ing jero kutha,ngunggahi baluwarti,padha menek lumebu ing omah-omah,lumebune metu ing cendhela kaya maling.
10 Bumi gumeter ana ing ngarepe,langit gonjang-ganjing,srengenge lan rembulan padha dadi peteng,sarta lintang-lintang ilang cahyane.
11 Pangeran Yehuwah nuli ngedalake swarane,ana ing ngarepe wadya-balane,mangka wadya-balane iku luwih dening akeh,sarta kang nindakake sabdane iku santosasabab ngedab-edabi dinane Sang Yehuwah ikusarta nggegirisi banget,sapa kang bisa mbetahake?
12 Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Nanging saiki uga, padha mratobatamarang Ingsun kalawan gumolonging atinira,kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”