4 Anadene mungguh sira, he Tirus lan Sidon sarta sawewengkone Filisti, ana gegayutane apa karo Ingsun? Apa sira arep males pandamelingSun? Manawa sira nandukake apa bae marang Ingsun, kanthi dadakan anggoningSun bakal nampekake panggawenira iku marang sira dhewe.
5 Awitdene salaka lan emas kagunganingSun wus padha sira jupuk, sarta barang-barangingSun kang pangaji padha sira lebokake ing papan pangibadahira,
6 sarta wong-wong Yehuda lan wong-wong Yerusalem wus padha sira edol marang wong Yunani, karepira supaya pisah adoh karo tanahe.
7 Lah bakal padha Suntangekake saka ing panggonan pangedolira mau, sarta nampekake panggawenira iku marang sirahira dhewe.
8 Anadene anakira lanang lan wadon bakal Sunedol marang bani Yehuda, kang banjur ngedol marang para wong Syeba, marang bangsa kang adoh, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.”
9 Prakara iki undhangna ana ing satengahe para bangsa:padha samektaa ing perang,para pahlawan padha sira angkatna,sakehe prajurit padha sira prentahanasupaya ngetoni perang.
10 Kejene wlukunira kagemblenga dadi pedhang,lan aritira kagawea tumbak;wong kang ringkih ngucapa: “Aku iki pahlawan!”