9 Prakara iki undhangna ana ing satengahe para bangsa:padha samektaa ing perang,para pahlawan padha sira angkatna,sakehe prajurit padha sira prentahanasupaya ngetoni perang.
10 Kejene wlukunira kagemblenga dadi pedhang,lan aritira kagawea tumbak;wong kang ringkih ngucapa: “Aku iki pahlawan!”
11 Sakehe para bangsa saka ing ngendi-endi,padha gumregaha lan maraa,sarta padha nglumpuka mrana!Dhuh Yehuwah, para pahlawan Paduka mugi kabektaa mandhap!
12 Para umat padha budhala lan ngluruga,menyang lebak Yosafat,dene Ingsun bakal lenggah ana ing kana,ngadili sakehe para bangsa ing ngendi-endi.
13 Aritira padha empaknaawit undhuh-undhuhane wus tuwa,padha mrenea, padha meresa,awit pamipitane wus kebak anggur,genthong-genthonge wus padha luber,marga akeh pialane wong-wong iku.
14 Akeh wong, akeh wong,ing lebak karampungan,awit wus cedhak dinane Sang Yehuwah,ana ing lebak karampungan!
15 Srengenge lan rembulan padha dadi peteng,lintang-lintang wus padha ilang cahyane,