6 wonten ing dhasaring redi-redi.Kawula ambles ngantos dumugi ing dhasaring bumi;kawulu kakancingan ing slaraking bumi ing salaminipun;ing nalika punika Paduka lajeng ngentas nyawa kawula saking luwenging pejah,dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula.
7 Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula,kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah,sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Padukawonten ing padaleman Paduka ingkang suci.
8 Tiyang ingkang sami gondhelan dhateng brahala ingkang tanpa gina punikasami nilar dhateng ingkang ngasihi kanthi setya.
9 Nanging kawula badhe nyaosi kurban dhateng Padukakanthi ngucap sokur;punapa ingkang dados punagi kawula,badhe kawula leksanani;kawilujengan punika namung saking Sang Yehuwah!”
10 Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang iwak mau lan Yunus banjur kawutahake menyang ing dharatan.