1 Nabi Yunus banjur kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah kang kaping pindhone:
2 “Mangkata, menyanga ing Niniwe, kutha kang gedhe iku lan ngandhakna marang kutha iku, pangandika kang bakal Sunparingake marang sira.”
3 Nabi Yunus tumuli tata-tata lan banjur mangkat menyang ing Niniwe, cundhuk karo pangandikane Gusti Allah. Anadene Niniwe iku kutha kang gedhene ngedab-edabi, jembare lakon telung dina.
4 Nabi Yunus tumuli lumebet ing kutha kono, dohe nganti lakon sadina, banjur nguwuh-uwuh: “Kurang patang puluh dina, Niniwe mesthi bakal kagempur.”
5 Wong Niniwe iku padha ngandel marang Gusti Allah, mulane tumuli padha ngundhangake puwasa lan manganggo bagor, wiwit kang diwasa tumeka bocah-bocah.