6 Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu.
7 Atas saka dhawuhe Sang Prabu lan para panggedhene, banjur kaundhangake lan kadhawuhake ana ing Niniwe mangkene: “Manungsa lan sato-kewan, iya sapi lan wedhus, aja ana kang mangan apa-apa, aja ana kang diengon, sarta aja ana kang ngombe banyu.
8 Manungsa lan sato-kewan kudu padha manganggo bagor, sarta banjur padha sambat-sambata marang Gusti Allah, karo siji-sijine padha mratobata, ninggala pokale kang ala lan mbuwanga tindak panganiaya kang dilakoni.
9 Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”
10 Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake.