1 Lelakon kang kaya mangkono iku ndadekake pegeling panggalihe Nabi Yunus, banjur tuwuh dukane.
2 Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.
3 Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”
4 Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?”
5 Nabi Yunus wus medal saka ing kutha kono lan manggen ana ing sawetane. Ana ing kono damel gubug, sarta ngaub ing kono ngiras ngentosi kapriye bakal kadadeane iku.
6 Pangeran Yehuwah banjur nukulake wit jarak, kang ngungkuli mustakane Nabi Yunus, satemah bisa ngeyubi lan dadi panglipuring dukane. Nabi Yunus remen banget marga saka anane wit jarak mau.