10 Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe bakal padha ora tau kasandhung.
11 Kalawan mangkono iku, kowe bakal kaparingan wewenang sakatoge lumebu ing Kraton kang langgeng, yaiku Kratone Gusti lan Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.
12 Mulane aku tansah bakal ngelingake kowe marang bab iku mau kabeh, sanadyan kowe iya wis padha sumurup sarta wis padha santosa ing sajrone kayekten kang wus koktampani.
13 Sadurunge aku ninggal tarubing badanku iki anggonku tansah ngelingake kowe marang iku mau kabeh iku dakanggep dadi kawajibanku.
14 Jalaran aku sumurup, manawa aku bakal enggal ninggal tarubing badanku iki, kayadene kang wis kapangandikakake marang aku dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
15 Nanging aku bakal mbudidaya, supaya saungkurku kowe tansah padha ngeling-eling marang prakara iku mau kabeh.
16 Jalaran anggonku padha nyumurupake kowe bab panguwaos lan bakal rawuhe Gusti kita, Gusti Yesus Kristus kang jumeneng ratu, iku ora marga ngandel marang dongenge wong kang ora nyata, nanging aku kabeh iki padha dadi seksi ing bab kaluhurane.