1 He, para kekasih, iki wis layang kang kapindho, kang daktulis marang kowe. Ana ing layang loro iku aku mbudidaya nenangi pangreten kang murni kalawan aweh pepeling-pepeling,
2 supaya kowe padha ora lali marang pangandika kang biyen wis kadhawuhake dening para nabi kang suci, sarta marang dhedhawuhane Gusti lan Sang Juruwilujeng lumantar para rasulmu marang kowe kabeh.
3 Kang luwih dhisik kudu koksumurupi, yaiku manawa besuk ing dina-dina wekasan bakal ana juru-juru pamoyok kang jumedhul memoyoki, yaiku wong kang lakune padha nuruti hawa-nepsune,
4 sarta kang padha duwe uni mangkene: “Endi prasetya bakal rawuhe iku? Jalaran wiwit nalika ngajale para leluhurkita samubarang kabeh ajeg bae kaya nalika donya dititahake.”
5 Wong-wong iku njarag ora kapengin weruh, manawa marga saka sabdaning Allah wiwit biyen mula wis ana langit sarta ana bumi, kang dumadine saka banyu sarta srana banyu.
6 Mangka marga saka banyu iku bumi kang biyen wis rusak iku, kasirnakake dening patopan.
7 Nanging dening pangandika iku mau uga, langit lan bumi kang saiki kasingkirake saka ing geni lan kasimpen tumeka ing dina pangadilan sarta tumpese para wong mblasar.
8 Mung bae para kekasih, kowe aja padha kelalen prakara siji iki, yaiku yen ing ngatase Pangeran sadina iku prasasat sewu taun sarta sewu taun prasasat sadina.
9 Pangeran ora mblenjani janjine, sanadyan ana sawenehing wong kang ngarani mblenjani, nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.
10 Nanging bakal tekane dinaning Gusti iku patrape kaya maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujuding donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilang sirna.
11 Mulane manawa samubarang kabeh iki bakal lebur kanthi patrap mangkono iku, saiba gedhene kawajibanmu supaya uripmu suci sarta mursid,
12 yaiku kowe kang padha nganti-anti sarta nggelisake marang tekane dinane Gusti Allah. Ing dina iku langit bakal lebur, kamangsa ing geni sarta dhasar-dhasar wujuding donya padha luluh kaobong.
13 Nanging laras karo prasetyane, kita padha nganti-anti marang langit anyar sarta bumi anyar kang kadunungan kayekten.
14 Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.
15 Sarta kasabarane Gusti kita anggepen minangka kalonggaran tumrap kowe kabeh, supaya oleh karahayon, iya kaya sadulur kita Paulus kang kinasih anggone wis nulis layang marang kowe miturut saka anggone kaparingan kawicaksanan.
16 Iku kaetrapake ana ing layange kabeh, manawa ngrembug prakara-prakara iki. Layang-layange iku isi bab-bab kang angel, njalari wong-wong kang ora ngreti sarta ora kukuh imane, njungkir-balikake prakara iku mau, njalari karusakane dhewe, kayadene anggone tumindak tumrap tulisan-tulisan liyane.
17 Nanging kowe kabeh, para kekasih, sadurunge wis padha sumurup prakara iku. Mulane dipadha waspada, supaya aja nganti kelu ing panasarane wong murangsarak, sarta aja kelangan gondhelanmu kang kukuh.
18 Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangawruh marang Gusti lan Sang Juruwilujeng kita, Gusti Yesus Kristus. Panjenengane kang sayogya kagungan kamulyan ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase.