4 Kalawan patrap mangkono iku Panjenengane wis maringi marang kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya srana iku kowe padha bisa tunggal kodrat kaallahan lan ora kena ing dayaning hawa-nepsu kadonyan.
5 Iya marga saka iku kowe padha kudu mempeng anggonmu mbudidaya supaya pracayamu kawuwuhan ing kautaman sarta kautamanmu kawuwuhan ing kawruh,
6 tuwin kawruh kawuwuhan ing pambudidaya ngemudheni dhiri, pambudidaya ngemudheni dhiri kawuwuhan mugen, mugen kawuwuhan mursid,
7 mursid kawuwuhan tresna marang para sadulur, tresna marang sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabeh.
8 Jalaran manawa kowe padha kadunungan iku mau kabeh nganti luber, kowe mesthi bakal dadi mempeng ing panggawe sarta banjur metu wohe anggonmu wanuh marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita iku.
9 Nanging sing sapa ora kadnungan iku mau kabeh, bakal dadi wuta sarta cethek panemune, jalaran wis lali manawa dosa-dosane kang dhisik wis dibirat.
10 Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowe bakal padha ora tau kasandhung.