1 Sabanjure, para sadulur, aku kabeh padha dongakna, supaya pangandikane Gusti saya maju lan diluhurake, padha kayadene kang wus kalakon ana ing antaramu,
2 lan supaya aku padha uwal saka para wong kang gawe rusuh lan para wong ala. Sabab ora kabeh wong kadunungan pracaya.
3 Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengane bakal nyantosakake atimu lan ngayomi kowe kabeh saka ing piala.
4 Anadene aku kabeh padha pracaya ana ing Gusti, yen apa kang wus padha dakpituturake marang kowe, iku padha koklakoni lan bakal koklakoni.
5 Muga Gusti lestari madhepake atimu marang katresnaning Allah lan marang kamantepaning Sang Kristus.
6 Nanging welingku kabeh marang kowe, para sadulur, atas asmane Gusti Yesus Kristus, padha sumingkira saka sedhengah sadulur kang ora nindakake kawajibane lan kang ora manut marang piwulang kang wus dakwenehake marang kowe.
7 Sabab kowe dhewe padha sumurup, kapriye anggonmu kudu padha nulad marang aku kabeh, amarga aku padha ora nglirwakake pagawean ana ing antaramu
8 sarta ora tau mangan rotining liyan kanthi lelahanan, nanging aku kabeh padah mbudi-daya lan nyambut-gawe rina wengi kalawan rekasa, supaya aja dadi gawene sapa bae ana ing antaramu.
9 Ora marga saka aku padha ora duwe hak ing bab iku, nanging marga saka aku kabeh supaya dadia tuladha tumrap kowe, supaya koktulad.
10 Sabab, uga nalika aku padha ana ing tengahmu, aku padha aweh pepenget iki marang kowe kabeh: wong kang ora gelem nyambut-gawe iku iya aja mangan.
11 Iki dakkandhakake amarga aku padha krungu, yen ana wong kang uripe ora tumata lan ora nyambut-gawe, nanging mung tansah nindakake bab-bab kang ora ana paedahe.
12 Wong-wong kang kaya mangkono iku padha dakelingake lan padha dakpituturi ing sajroning Gusti Yesus Kristus supaya padha lestaria nindakake pagaweane kanthi tentrem sarta padha mangana rejekine dhewe kalawan tumindak mangkono iku.
13 Anadene kowe kabeh, para sadulur, aja jeleh-jeleh anggonmu padha nindakake panggawe becik.
14 Manawa ana wong kang ora gelem ngrungokake kandhaku ing layang iki, iku pengetana lan aja srawungan karo dheweke, supaya isin.
15 Mung bae aja kokanggep mungsuh, nanging elingna kaya sadulur.
16 Anadene Panjenengane, Gustining tentrem-rahayu, muga tansah paring tentrem-rahayu marang kowe kabeh ing sadhengaha kaanan. Muga Gusti nunggila karo kowe kabeh.
17 Salam saka aku, Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhewe. Iki minangka tengeran ing saben layang: mangkene iki tulisanku.
18 Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, anaa ing kowe kabeh.