1 Para sadulur, kang dadi pepenginaning atiku lan pandongaku marang Pangeran, wong-wong mau muga padha kapitulungana rahayu.
2 Amarga aku nekseni, yen pancen padha taberi banget anggone ngabekti marang Gusti Allah, nanging tanpa pangreten kang bener.
3 Sabab, padha ora wanuh marang kabeneraning Allah sarta ngarah ngadegake kabenerane dhewe, mulane padha ora sumuyud marang kabeneran kang saka Gusti Allah.
4 Sabab Sang Kristus iku kang wus mungkasi angger-anggering Toret, satemah saben wong kang pracaya banjur oleh kabeneran.
5 Sabab Nabi Musa nyerat bab kabeneran kang marga saka ing angger-anggering Toret iku mangkene: “Sapa kang nglakoni prakara iku, bakal urip marga saka iku.”
6 Nanging kabeneran kang awit saka pracaya iku, wewarahe mangkene: “Aja ana osiking atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang ing swarga?” yaiku prelu ngaturi Gusti Yesus tumedhak,
7 utawa: “Sapa ta kang bakal mudhun menyang telenganing pati?” yaiku: prelu nginggahake Sang Kristus saka ing antarane wong mati.