1 Saka Paulus, abdine Sang Kristus Yesus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelarake Injile Gusti Allah,
2 kang sadurunge wus kaprasetyakake lumantar para nabine ana ing kitab-kitab suci,
3 bab Kang Putra, kang dumados saka tedhake Sang Prabu Dawud mungguh ing daging,
4 lan miturut Rohing kasucen, kang kayekten ana ing wungune saka ing antarane wong mati, manawa Panjenengane iku Putrane Gusti Allah kang kuwaos, yaiku Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
5 Kalawan lumantar Panjenengane, aku padha oleh sih-rahmat sarta kalenggahan rasul, kadhawuhan nuntun marang kabeh bangsa, supaya padha pracaya lan mbangun-turut marang Asmane.
6 Kowe uga padha klebu ing antarane wong-wong mau, kowe kang wus padha katimbalan dadi kagungane Sang Kristus,
7 marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.
8 Luwih dhisik aku saos sokur marang Allahku marga dening Gusti Yesus Kristus ing ngatase kowe kabeh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing sajagad.
9 Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gmolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku:
10 Aku nyenyuwun, muga-muga marga saka karsane Gusti Allah ing wekasane aku bisa oleh dalan niliki kowe kabeh.
11 Awit aku kapengin ketemu kowe, prelu ngwenehi ganjaran kasukman, murih undhaking kasantosanmu,
12 yaiku, supaya aku ana ing antaramu melu kalipur dening pracaya kita, iya pracayamu, lan iya pracayaku.
13 Para sadulur, karepku supaya kowe padha sumurupa, yen aku wis kerep duwe niyat niliki kowe, supaya ana ing satengahmu aku uga bisa methik woh kayadene ana ing satengahing para bangsa saliyane bangsa Yahudi, -- nanging nganti saprene tansah ana alangan --.
14 Aku kapotangan kabecikan marang wong Yunani, mangkono uga marang wong saliyane Yunani, wong wasis lan wong bodho.
15 Yaiku kang njalari aku uga kapengin ngabarake Injil marang kowe kang padha manggon ing kutha Rum.
16 Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.
17 Sabab ing kono kalairake kabeneraning Allah, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulisan, wiraose: “Wong kang bener iku bakal urip saka pracaya.”
18 Sabab bebendune Gusti Allah kalairake saka ing swarga marang sarupaning pamblasar lan durakaning manungsa kang nampik kayekten marga dening duraka.
19 Awit kang bisa disumurupi mungguhing Gusti Allah iku wus cetha tumrap wong-wong mau, jalaran wis padha kaparingan sumurup dening Gusti Allah.
20 Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan.
21 Amarga sanadyan padha wanuh marang Gusti Allah, ewadene ora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Gusti Allah, utawa ora saos sokur marang Panjenengane. Nanging pangangen-angene dadi tanpa guna, lan atine kang bodho dadi peteng.
22 Anggepe padha pinter, nanging satemene bodho.
23 Padha nglironi kamulyane Gusti Allah kang langgeng kalawan pepethan kang mirip manungsa kang bisa lebur, lan pepethan manuk, sarta kewan asikil papat, apadene kewan-kewan rumangkang.
24 Mulane padha diulungake dening Gusti Allah marang pepenginaning atine kang rusuh, satemah padha rusuh-rinusuhan ing badane.
25 Awitdene iya padha nglironi kayektene Gusti Allah kalawan barang pulasan, padha ngluhurake sarta ngabekti marang pepadhanging tumitah, nglalekake marang kang nitahake, kang mesthine kudu pinuji-puji ing salawas-lawase. Amin.
26 Mulane Gusti Allah ngulungake wong-wong mau marang hawa-nepsu kang gawe wirang, sabab sing wadon padha nglironi cara awor turu nganggo patrap nyulayani kodrat.
27 Mangkono uga kang lanang padha ninggal patrap sapaturon kang lumrah karo kang wadon, nanging kalawan ati kang ngangsa-angsa duwe kekarepan marang pepadhane, satemah nindakake kanisthan karo padha lanang, mulane padha nampani piwales kang murwat tumrap pamblasare iku ana ing awake dhewe.
28 Dadi sarehne rumangsane ora prelu ngakoni Gusti Allah, mulane Gusti Allah iya ngulungake wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, temahan padha nindakake patrap kang ora patut,
29 kebak ing sarupane duraka, kadursilan, kethaha sarta piala, padha kebak drengki, gawe pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala.
30 Padha dhemen wadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugih pangreka ala, ora mbangun-turut marang wong tuwa,
31 tanpa budi, ora setya, ambek kamitegan, ora welasan.
32 Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.