1 Bareng aku kabeh wis tekan ing pasisir kanthi slamet, aku lagi padha ngreti, yen pulo iku jenenge pulo Malta.
2 Wong pribumi ing pulo kono becik banget tangkep marang aku kabeh. Padha gawe totor gedhe sarta banjur ngajak aku kabeh mrono, jalaran wis wiwit udan, lan hawane adhem.
3 Nalika Rasul Paulus mundhut kayu garing sabongkok lan ditumpangake ing geni mau, ana ula bedhudhak kang metu, amarga saka panase.
4 Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagaya, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”
5 Nanging Rasul Paulus nuli ngipatake ula mau menyang ing geni, dene panjenengan babar pisan ora apa-apa.
6 Ewadene wong-wong padha ngira, yen bakal abuh utawa bakal seda sanalika iku uga. Nanging dienteni nganti suwe, padha weruh, yen panjenengane ora apa-apa, satemah banjur mbalik panemune, ngarani, yen Rasul Paulus iku dewa.
7 Ora adoh saka ing panggonan kono ana palemahan, kagungane gupernur ing pulo iku. Gupernur iku asmane Publius. Iku kang nampani lan paring pamondhokan marang aku kabeh lawase telung dina kalawan rumaket.
8 Kacarita nalika samana ramane Sang Publius sarean bae marga gerah benter lan desentri. Rasul Paulus banjur tindak lumebet ing kamare nuli ndedonga sarta banjur numpangake astane ing sarirane, satemah dadi senggang.
9 Sawuse lelakon kang mangkono iku, wong-wong lara liyane ing pulo kono padha sowan, lan iya padha diwarasake.
10 Awit saka iku wong-wong mau banget anggone padha ngajeni marang aku kabeh sarta bareng aku padha mangkat, padha nyangoni apa sakabutuhanku.
11 Sawise telung sasi aku padha mangkat saka ing kono, nunggang kapal saka ing Aleksandria kang sasuwene mangka atis labuh ana ing pulo kono. Kapal mau nganggo lambang Dhioskuri.
12 Aku padha mampir ing kutha Sirakusa lan leren ana ing kono telung dina.
13 Saka ing kono banjur layar turut pasisir, nuli tekan ing kutha Regium. Sadinane maneh banjur ana angin saka kidul lan ing dina kapindhone padha tekan ing kutha Putioli.
14 Ana ing kono ketemu karo para warganing pasamuwan, banjur dipurih nginep pitung dina. Sawise mangkono nuli budhal menyang ing kutha Rum.
15 Para sadulur ing kono wis padha krungu warta bab tekaku kabeh, banjur padha methuk nganti tekan ing papan kang aran Forum Apius lan ing Tres Taberne. Bareng Rasul Paulus mirsani para sadulur mau, banjur ngunjukake panuwun marang Gusti Allah sarta iku ndadekake santosaning panggalihe.
16 Bareng aku wis padha tekan ing kutha Rum, Rasul Paulus diparengake dedalem piyambak karo prajurit siji kang rumeksa.
17 Sawise telung dina Rasul Paulus nuli ngaturi rawuh para panggedhening bangsa Yahudi lan bareng wis padha nglumpuk, banjur dipangandikani mangkene: “Para sadherek, sanadyan kula boten kalepatan dhateng bangsa kita utawi dhateng adat-tata-caranipun para leluhur kita, ewadene kula dipun cepeng wonten ing kitha Yerusalem saha lajeng dipun pasrahaken dhateng tiyang Rum.
18 Sareng kula sampun kapriksa, sami sumedya ngluwari, amargi boten wonten kalepatan kula satunggal kemawon, ingkang pantes katrap ing paukuman pejah.
19 Ananging tiyang-tiyang Yahudi sami mabeni, mila kula lajeng kapeksa nginggahaken prakawis punika dhateng ing ngarsanipun Sang Nata Agung, nanging boten kanthi sedya badhe nggigataken bangsa kita.
20 Pramila kula lajeng ngaturi rawuh panjenengan sadaya prelu badhe pirembagan, amargi awit saking pangajeng-ajengipun bangsa Israel punika kula lajeng karante.”
21 Nanging banjur padha mangsuli: “Kula boten sami tampi serat-serat saking tanah Yudea bab panjenengan, punapa dene inggih boten wonten satunggal kemawon saking sadherek-sadherek kita ingkang mriki martosaken bab ingkang awon tumrap panjenengan.
22 Nanging kula sami kapengin mirengaken saking panjenengan, kadospundi pamanggih panjenengan, awit kula sami sumerep, bilih golongan punika wonten ing pundi-pundi dipun lawan.”
23 Banjur padha namtokake dinane. Ing dina kang wis katamtokake iku, wong-wong mau padha teka ing dalem pamondhokane Rasul Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksen bab Kratoning Allah sarta ngyakinake bab Gusti Yesus adhedhasar angger-anggere Nabi Musa lan kitabe para nabi. Pamulange wiwit esuk nganti sore.
24 Ana kang banjur padha nganggep marang pangandikane, nanging iya ana kang tetep ora pracaya.
25 Banjur padha bubar kalawan bebencengan. Nanging Rasul Paulus isih nglairake pangandika satembung, kang mangkene: “Kasinggihan temen pangandikanipun Sang Roh Suci lumatar Nabi Yesaya dhateng leluhur kita, wiraosipun:
26 Sira maranana bangsa iki lan tutura:Sira bakal padha krungu, nanging ora mangreti,bakal ndeleng, nanging ora sumurup.
27 Sabab atine bangsa iki ndableg,lan kupinge wis dadi jampeng,tuwin mripate padha dieremake;supaya mripate aja nganti ndelenglan kupinge aja nganti krungutuwin atine aja nganti mangretibanjur mratobat temah Sunwarasake.
28 Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanes ingkang sami badhe mirengaken.” [
29 Sawuse Rasul Paulus ngandika mangkono, wong Yahudi banjur padha bubar kalawan bebencengan ing panemu kang akeh.]
30 Kacarita Rasul Paulus nganti genep rong taun anggone manggen ana ing dalem kang disewa piyambak. Kabeh wong kang sowan padha ditampeni.
31 Panjenengane martakake Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yesus Kristus kalawan tatag sarta ora ana kang mambengi.