1 Sawuse mangkono Rasul Paulus banjur nilar kutha Atena, tindak menyang ing kutha Korinta.
2 Ana ing Korinta ketemu karo sawijining wong Yahudi jenenge Akwila, asale saka ing tanah Pontus, kang lagi bae teka saka ing tanah Italia karo Priskila, bojone, sabab Sang Nata Agung Klaudius dhawuh, supaya kabeh wong Yahudi lunga saka ing kutha Rum. Rasul Paulus banjur tindak menyang ing omahe,
3 sarta sarehne pagaweane padha, banjur manggen tunggal sapamondhokan. Karone nyambutgawe bebarengan, amarga padha-padha tukang tarub.
4 Saben dina Sabat Rasul Paulus memulang ana ing papan pangibadah lan ngudi ngyakinake wong-wong Yahudi lan wong-wong Yunani.
5 Bareng Silas lan Timoteus teka saka ing tanah Makedhonia, Rasul Paulus bisa mligi nyebar pangandika sarta paring paseksen marang para wong Yahudi, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.
6 Nanging bareng wong-wong iku padha madoni lan nyenyamah, panjenengane nuli ngetabake lebu kang ana ing pangagemane tuwin ngandika: “Getihmu nempuha marang awakmu dhewe; aku resik, ora luput. Wiwit saiki aku bakal marani bangsa-bangsa liya.”
7 Sawuse mangkono banjur miyos saka ing kono, lan banjur tindak menyang ing omahe wong kang aran Titius Yustus, kang ngabekti marang Gusti Allah lan kang omahe sandhing papan pangibadah.
8 Nanging Krispus, lelurahe papan pangibadah, manjing pracaya marang Gusti dalah sabrayate sarta akeh wong Korinta, kang padha ngrungokake pangandikane Rasul Paulus, banjur manjing pracaya, nuli padha kabaptis.
9 Ing sawijining bengi Gusti ngandika marang Rasul Paulus sarana wahyu: “Aja wedi! Terusna anggonmu martakake pangandika lan aja leren!
10 Amarga Aku nunggal karo kowe lan ora ana wong kang bakal nyekel lan nganiaya marang kowe, awit umatKu akeh ana ing kutha kene.”
11 Mulane Rasul Paulus nganti sataun nem sasi anggone lereb ana ing kono sarta mulangake pangandikane Gusti Allah ana ing satengahe wong-wong ing kono.
12 Ananging bareng Sang Galio jumeneng gupernur ana ing tanah Akhaya, wong-wong Yahudi banjur sabiyantu nglawan Rasul Paulus, diirid marang ngarsane pangadilan,
13 ature: “Tiyang punika mbudidaya ngyakinaken tiyang-tiyang supados ngabekti dhumateng Gusti Allah kanthi patrap ingkang cengkah kaliyan angger-anggering Toret.”
14 Bareng Rasul Paulus arep ngaturake panjawab, Sang Gupernur ngandika marang wong-wong Yahudi mau: “Heh, wong-wong Yahudi, saupama pandakwamu iku bab palanggaran utawa kadursilan, wis samesthine manawa aku nampani prakaramu,
15 nanging manawa ana parapadu bab tembung apa jeneng, apa angger-angger tumrap kowe kabeh, iku urusen dhewe; aku emoh ngakimi prakara kang mangkono iku.”
16 Banjur padha ditundhung saka ing ngarsane pangadilan.
17 Wong iku kabeh banjur nyekel Sostenes, lelurahe papan pangibadah, lan digebugi ana ing ngarsane pangadilan, nanging Sang Galio babar pisan ora mreduli bab iku.
18 Rasul Paulus isih lereb sawatara dina engkas ana ing kutha Korinta, banjur pamitan marang para sadulur ing kono lan sawise paras ana ing palabuhan Kengkrea, jalaran kagungan nadar, tumuli bidhal layar menyang ing tanah Siria. Priskila lan Akwila padha ndherek.
19 Bareng wis rawuh ing kutha Efesus, Priskila lan Akwila ditilar dening Rasul Paulus ana ing kono. Panjenengane piyambak lumebet ing papan pangibadah lan wawan rembag karo wong-wong Yahudi.
20 Iku padha darbe panyuwun, supaya karsaa lereb sawatara suwe ana ing kono, nanging ora disembadani.
21 Panjenengane pamitan kalawan ngandika: “Kula badhe mriki malih, manawi Gusti Allah ngarsakaken.” Banjur mancal saka ing Efesus.
22 Bareng wis rawuh ing kutha Kaisarea banjur mentas lan sawuse ngaturake salam marang pasamuwan, nuli tindak menyang ing kutha Antiokhia.
23 Sawuse lereb sawatara dina ana ing kono, panjenengane banjur tindak maneh njajah ing satanah Galati lan Frigia kabeh, nyantosakake atine para siswa kabeh.
24 Nalika samana ana ing sawijining wong Yahudi jenenge Apolos, asale saka ing kutha Aleksandria, teka ing Efesus. Iku wong kang micara lan putus ing Kitab Suci.
25 Dheweke wis tampa piwulang bab Margining Pangeran. Kalawan semangat sarta kalawan patitis anggone nglairake piwulange bab Gusti Yesus, nanging kang disumurupi mung bab baptise Nabi Yokanan.
26 Anggone wiwit memulang kalawan kendel ana ing papan pangibadah. Nanging bareng Priskila lan Akwila krungu, Apolos banjur diajak menyang ing omahe sarta diwenehi katrangan kanthi cetha lan tliti bab Margining Allah.
27 Sarehning Apolos kapengin menyang ing tanah Akhaya, sadulur-sadulur ing Efesus nuli kirim layang marang para siswa ing kono, supaya ditampanana. Satekane ing Akhaya, marga saka sih-rahmate Gusti Allah banjur dadi wong kang migunani banget tumrap para wong kang padha pracaya.
28 Awitdene tanpa leren anggone madoni wong-wong Yahudi ana ing ngarepe wong akeh sarta nelakake saka ing Kitab Suci, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.