Lelakone Para Rasul 8 JAV

1a Saulus uga nyarujuki ing bab sedane Sang Stefanus.

Pasamuwan ing Yerusalem wiwit dikaniaya

8:1b-3

1b Ing nalika iku pasamuwan ing Yerusalem wiwit nandhang panganiaya kang banget. Kabeh padha buyar, pating slebar ana ing tlatah Yudea lan Samaria, kajaba para rasul.

2 Para wong saleh padha ngubur layone Sang Stefanus, sarta banget anggone padha nangisi.

3 Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.

Sang Filipus ana ing Samaria

8:4-25

4 Wong-wong kang buyar mau padha ndlajahi ing satanah kabeh karo ngabarake Injil.

5 Lan Sang Filipus tindak menyang ing sawijining kutha ing tanah Samaria martakake bab Sang Mesih marang wong-wong ing kono.

6 Nalika wong akeh ngrungokake apa kang diwartakake dening Sang Filipus sarta nyumurupi pratandha-pratandha kang dianakake, banjur padha saiyeg nampani pawartane iku.

7 Amarga wong akeh kang padha kapanjingan dhemit, dhemite padha metu kalawan nguwuh-uwuh sora, lan uga akeh wong lumpuh sarta wong pincang kang padha diwarasake,

8 temahan wong ing kutha kono padha bungah banget.

9 Kacarita ing kutha kono ana wong jenenge Simon, kang wiwit biyen nindakake pasikhiran lan gawe erame rakyat Samaria apadene ngaku-aku wong kang pinunjul.

10 Wong-wong, gedhe, cilik, padha nganut marang dheweke, pangucape: “Wong iki apangawak panguwaosing Allah kang kasebut Sang Panguwaos Agung.”

11 Mulane padha ngedhep marang dheweke, jalaran wis suwe anggone gawe erame sarana pasikhirane.

12 Nanging saiki padha pracaya marang Sang Filipus, kang martakake Injile Kratoning Allah sarta bab asmane Gusti Yesus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon.

13 Simon dhewe iya manjing pracaya lan sawise dibaptis, tansah ngraketi marang Sang Filipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang tumindak.

14 Bareng para rasul ing Yerusalem padha midhanget, yen wong ing tanah Samaria wis padha nampani pangandikaning Allah, Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha kautus mrana.

15 Sarawuhe ing kono karone banjur padha ndedonga, supaya wong-wong ing Samaria padha kaparingan Roh Suci.

16 Amarga Roh Suci durung tumendhak marang wong siji-sijia ing antarane wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus.

17 Mulane kabeh banjur padha katumpangan asta dening para rasul mau, satemah padha katedhakan ing Roh Suci.

18 Bareng Simon sumurup, yen anggone padha pinaringan Roh Suci iku marga katumpangan astane para rasul, dheweke banjur ngaturi dhuwit marang para rasul,

19 kalawan matur: “Kula mugi kaparingana kasekten punika ugi, supados tiyang ingkang kula tumpangi tangan, inggih lajeng katedhakan ing Roh Suci.”

20 Nanging Rasul Petrus banjur ngandika marang dheweke: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.

21 Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.

22 Mulane mratobata saka ing pialamu iki sarta ndedongaa marang Pangeran, supaya niyating atimu iki kaapura,

23 amarga aku sumurup, yen atimu iku wis kayadene rempelu kang pait lan kajiret ing piala.”

24 Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”

25 Para rasul mau sawise paring paseksen lan martakake bab pangandikaning Gusti banjur padha kondur menyang Yerusalem sarta sadalan-dalan padha nggiyarake Injil ing desa akeh ing tanah Samaria.

Sang Filipus lan priyagung Etiopia

8:26-40

26 Tumuli ana sawijining malaekating Pangeran kang ngandika marang Sang Filipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkata mangidul metu ing dalan kang mudhun saka ing Yerusalem menyang ing kutha Gaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjur tindak.

27 Tumuli ana wong Etiopia, sawijining priyagung panjaga kaputren, kapala juru gedhonge Sri Kandhake, nata putri ing nagara Etiopia, kang tindak menyang Yerusalem prelu nindakake pangibadah.

28 Nalika samono panjenengane lagi tindak kondur nitih kreta karo maos kitabe Nabi Yesaya.

29 Sang Filipus banjur kadhawuhan dening Roh: “Mronoa, cedhakana kreta iku!”

30 Sang Filipus banjur enggal-enggal murugi lan mireng priyagung iku lagi maos kitab Nabi Yesaya. Sang Filipus matur: “Panjenengan punapa mangretos ingkang panjenengan waos punika?”

31 Paring wangsulane: “Kadospundi anggen kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” Sang Filipus banjur didhawuhi minggah lan lenggah ing sandhinge.

32 Anadene nas kang diwaos iku surasane mangkene:Kayadene wedhus Panjenengane katuntun bakal disembeleh,lan kaya cempe kang ora nyuwara ana ing ngarepe kang mbathili,mangkono anggone Panjenengane ora mbikak tutuke.

33 Sajroning kaasorane paukumane kaetrapake;sapa kang bakal martakake asal-usule?Sabab nyawane kapulung saka ing bumi.

34 Priyagung mau banjur ngandika marang Sang Filipus: “Kula pitaken dhateng panjenengan, sinten ingkang dipun pangandikakaken dening nabi punika? Punapa sariranipun piyambak punapa tiyang sanes?”

35 Sang Filipus tumuli wiwit cariyos, wiwit saka nas iku, banjur martosake Injile Gusti Yesus.

36 Sakarone padha nglajengake tindake, nuli rawuh ing papan kang ana banyune. Priyagung mau banjur ngandika: “Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?”

37 Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.”

38 Priyagung Etiopia mau banjur dhawuh ngendhegake kretane lan karone nuli padha mandhap menyang ing banyu, Sang Filipus lan priyagung mau, sarta priyagung iku nuli dibaptis dening Sang Filipus.

39 Bareng karone wis padha mentas saka ing banyu, Rohing Pangeran tumuli mulung Sang Filipus, lan ora kasumurupan dening priyagung iku maneh. Panjenengane banjur nglajengake tindake kalawan renaning panggalih.

40 Nanging Sang Filipus jebul ana ing kutha Asdod, tindak nglangkungi ing tlatah kono sarta ngabarake Injil ana ing kutha-kutha kono kabeh nganti tumeka ing kutha Kaisarea.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28