1 Ana ing Ikonium rasul karone iya lumebet ing papan-pangibadah wong Yahudi lan memulang, satemah wong Yahudi lan wong Yunani akeh kang padha manjing pracaya.
2 Nanging wong-wong Yahudi kang nampik pawartane, padha gawe panasing atine wong-wong kang ora wanuh marang Allah sarta gawe nepsune wong-wong mau marang para sadulur.
3 Rasul Paulus lan Barnabas lereb ana ing kono nganti sawatara mangsa, padha memulang kanthi kendel, amarga padha kumandel marang Gusti. Dene Gusti nyantosakake pawarta bab sih-rahmate iku kalawan paring panguwasa marang karone, kanggo nganakake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat.
4 Nanging wong akeh ing kutha kono pecah dadi rong golongan; ana kang nganut wong Yahudi, lan ana kang nganut rasul karone.
5 Wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah lan para wong Yahudi bebarengan karo para pangarepe banjur padha wiwit nganakake obah-obahan niksa lan mbenturi watu marang rasul loro mau.
6 Bareng rasul-rasul mau padha nguningani bab iku, banjur sumingkir menyang ing kutha-kutha ing tanah Likaonia, yaiku Listra lan Derbe sarta ing tlatah sakiwa tengene.
7 Ana ing kono padha nggiyarake Injil.
8 Kacarita ing kutha Listra ana sawijining wong kang mung linggih bae, jalaran sikile apus, lumpuh wiwit lair lan durung tau bisa lumaku.
9 Nalika Rasul Paulus memulang, dheweke ngrungokake. Rasul Paulus mirsani lan nguningani, yen wong mau kadunungan pangandel sarta bisa diwarasake,
10 banjur ngandika kalawan sora: “Ngadega jejeg!” Wong mau banjur mak nyat ngadeg lan lumaku mrana-mrene.
11 Bareng wong akeh nyumurupi apa kang mentas ditindakake dening Rasul Paulus, tumuli padha nguwuh-uwuh nganggo basa Likaonia: “Dewa-dewa wis padha tumedhak ing tengah-tengah kita dadi manungsa.”
12 Rasul Barnabas disebut Zeus dene Rasul Paulus diarani Hermes, amarga kang ngandika.
13 Imaming dewa Zeus, kang kabuyutane ana ing jaban kutha, nuli teka ing sakethenging kutha karo nggawa sapi-sapi lanang lan karangan kembang kang arep dicaosake minangka sajen, bebarengan karo wong akeh.
14 Mireng kang mangkono iku Rasul Barnabas lan Rasul Paulus banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan lumajeng menyang ing satengahing wong akeh iku kambi nguwuh-uwuh:
15 “Para sadherek, kadospundi dene panjenengan kok sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdene panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilara tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika.
16 Ing jaman ingkang sampun kapengker sadaya bangsa anggenipun sami lumampah ing marginipun piyambak, dipun kendelaken kemawon dening Gusti Allah,
17 nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika anggenipun maringi jawah sarta mangsa mirah dhateng panjenengan sadaya saking ing langit, sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing tedha lan kabingahan.”
18 Sanadyan para rasul padha ngandika mangkono, ewadene meh-meh bae ora bisa mekak anggone padha caos kurban.
19 Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka ing Antiokhia lan Ikonium, kang padha mbebujuk wong akeh, wasana Rasul Paulus banjur dibenturi watu lan kaseret menyang ing sajabaning kutha, jalaran dikira wis seda.
20 Nanging bareng karubung dening para siswa, panjenengane nuli wungu lan banjur lumebet ing kutha. Esuke banjur tindak menyang ing Derbe bebarengan karo Rasul Barnabas.
21 Rasul Paulus lan Barnabas anggone ngabarake Injil ana ing kutha kono oleh siswa akeh, banjur wangsul menyang ing Listra, Ikonium lan Antiokhia.
22 Ana ing kono rasul karone padha nyantosakake atine para siswa sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya apadene padha dipangandikani, yen anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan nglakoni sangsara akeh.
23 Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepake pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawise ndedonga lan puwasa, para pinituwa mau padha dicaosake marang Gusti, kang dadi sumbering pracayane.
24 Sawuse mangkono tumuli ndlajahi tanah Pisidhia kabeh lan banjur rawuh ing tanah Pamfilia.
25 Ana ing kono karone padha nggelarake pangandika ana ing kutha Perga, banjur tindak menyang ing kutha Atalia, ing pesisir.
26 Saka ing kono padha layar menyang ing Antiokhia. Ana ing kono anggone maune padha kacaosake marang sih-rahmating Allah supaya wiwit nglakoni ayahan, kang saiki wis dirampungake iku.
27 Sarawuhe ing kono banjur nglumpukake pasamuwan, padha dicariyosi bab samubarang kang wis katindakake dening Gusti Allah lumantar panjenengane sakaliyan; apadene bab anggone Gusti Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya.
28 Karone padha lereb ing kono nganti sawatara suwe, nunggil karo para siswa mau.