1 Ana wong liyane, jenenge Ananias karo bojone aran Safira, adol palemahan.
2 Kanthi sarujuke bojone dheweke ngunthet saperangane pepayone iku, dene liyane banjur digawa diladekake marang ing ngarsane para rasul.
3 Nanging Rasul Petrus ngandika: “Ananias, yagene atimu kaejegan dening Iblis, kongsi kowe nggorohi Sang Roh Suci sarta ngunthet saperangane pepayoning palemahan iku?
4 Saupama palemahan iku ora diedol, apa iku ora tetep dadi duwekmu, lan sawise diedol, apa pepayone iku ora tetep kokkuwasani? Yagene kowe kok ngrancang pratingkah mangkono ana ing atimu? Dudu manungsa kang kokgorohi, nanging Gusti Allah.”
5 Bareng Ananias krungu pangandika mangkono iku, banjur ambruk apegat nyawa, temah wong kabeh kang krungu bab iku padha wedi banget.
6 Para nonoman tumuli padha teka, ngulesi mayite, banjur digotong metu sarta dikubur.
7 Sawise watara telung jam bojone Ananias lumebu, nanging ora sumurup apa kang mentas kalakon.
8 Rasul Petrus ngandika marang dheweke: “Aku kandhanana, apa palemahane kokedol kalawan rega samono?” Wangsulane wong wadon iku: “Inggih samanten.”
9 Pangandikane Rasul Petrus: “Yagene kowe sakloron padha ayon nyoba marang Rohing Pangeran? Delengen, wong-wong sing mentas ngubur bojomu padha ngadeg ana ing ngarep lawang, iku uga bakal nggotong kowe metu.”
10 Wong wadon iku banjur ambruk sanalika iku uga ana ing ngarsane Rasul Petrus lan apegat nyawa. Nalika para nonoman padha lumebu, dheweke tinemu wis mati, banjur digotong metu lan dikubur sandhing sing lanang.
11 Wong sapasamuwan kabeh sarta wong kang krungu bab iku padha banget wedine.
12 Anadene para rasul padha nganakake pratandha lan mukjijat akeh ana ing antarane wong akeh. Kabeh wong kang padha pracaya tansah padha nglumpuk ana ing Bangsal Suleman ing sajrone patunggalan kang raket.
13 Wong-wong liyane ora ana kang wani ngemori, nanging wong akeh padha banget anggone ngajeni marang para rasul.
14 Karodene cacahe wong kang padha pracaya marang Gusti saya wuwuh-wuwuh, lanang lan wadon,
15 malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang ing dalan gedhe, kaselehake ing amben utawa kasur, supaya manawa Rasul Petrus langkung, saora-orane katiban wayangane.
16 Dalah saka ing kutha-kutha ing sakubenging Yerusalem padha teka gumrudug nggawa wong kang padha lara utawa kang padha kabidhung ing roh reged. Kabeh padha kawaluyakake.
17 Wasana, marga saka bangeting drengkine, Imam Agung lan para pandhereke, yaiku wong-wong saka golongan Saduki, padha tumandang.
18 Para rasul padha dicepeng lan dilebetake ing pakunjaran kutha.
19 Nanging bareng bengi ana malaekate Pangeran kang ngengakake lawang-lawange pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, sarta ngandika:
20 “Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.”
21 Para rasul padha mbangun miturut marang piweling mau sarta bareng bangun esuk, padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjur wiwit memulang ana ing kono. Nalika samana Imam Agung lan para pandhereke dhawuh marang Pradata Agama supaya marepat, yaiku pakumpulane para pinituwaning bangsa Israel, sarta banjur dhawuh marani para rasul menyang ing pakunjaran.
22 Nanging bareng para abdi tekan ing pakunjaran, para rasul ora ketemu ana ing kono. Banjur padha bali ngaturi uninga,
23 ature: “Wau pakunjaran pinanggih taksih kuncen kekah, sarta sadaya tiyang jagi wonten ing papan panjagenipun ing ngajeng kori, nanging sareng kula wengakaken, ing nglebet pinanggih boten wonten tiyangipun satunggal-tunggala.”
24 Bareng lelurahe Padaleman Suci lan para pangareping imam krungu katrangan mangkono iku, padha kuwur atine, baya kapriye bakal kadadeane kang mangkono iku.
25 Nanging banjur ana wong teka kang pratela: “Kauningana, tiyang-tiyang ingkang sampun panjenengan lebetaken ing pakunjaran punika wonten ing Padaleman Suci memulang dhateng tiyang kathah.”
26 Lurah jagabaya lan para punggawane banjur padha menyang ing Padaleman Suci, nyepeng para rasul, nanging ora kanthi roda-peksa, jalaran wedi, manawa dibenturi watu wong akeh.
27 Karone diirid lan diajokake marang ing ngarsane Pradata Agama. Imam Agung nuli wiwit ndangu,
28 pangandikane: “Kowe rak wis padha dakwanti-wanti aja memulang atas Jeneng kuwi? Nanging nyatane, kutha Yerusalem wis kokkebaki piwulangmu, lan kowe sumedya nekakake walate getihe Wong iku marang aku.”
29 Rasul Petrus lan para rasul banjur padha mangsuli, ature: “Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.
30 Allahipun leluhur kita sampun ngwungokaken Gusti Yesus, ingkang sampun panjenengan gantung ing kajeng salib saha panjenengan sedani.
31 Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.
32 Wondene kula ingkang sami dados seksinipun prakawis punika sadaya, kula sadaya saha Sang Roh Suci, ingkang sampun kaparingaken dening Gusti Allah dhateng sadaya tiyang ingkang mbangun miturut dhumateng ing Panjenenganipun.”
33 Mireng atur mangkono iku, kabeh padha rumangsa kecocog panggalihe sarta banjur padha ngangkah nyedani para rasul.
34 Nanging ana sawijining priyayi Farisi, asma Gamaliel, ahli Toret kang kajen banget ana ing antarane wong akeh, kang nuli jumeneng sarta mundhut, supaya para rasul padha didhawuhana metu sadhela.
35 Sawise mangkono banjur ngandika: “Para sadherek Israel, kula aturi sami nggalih-nggalih saestu, punapa ingkang badhe panjenengan tandukaken dhateng tiyang-tiyang punika!
36 Amargi kala rumiyin sampun muncul pun Teudas, ingkang ngaken tiyang linangkung saha ingkang gadhah bala kirang langkung tiyang kawan atus; nanging piyambakipun lajeng dipun pejahi, para panganutipun sadaya sami buyar saha sirna.
37 Sesampunipun piyambakipun, nalika dipun wontenaken cacah-jiwa, pun Yudas muncul, tiyang Galilea. Kathah tiyang ingkang kasered ing pambalilanipun, nanging piyambakipun inggih tiwas, sadaya panganutipun sami buyar.
38 Awit saking punika atur kula dhateng panjenengan sadaya: Sampun tumindak punapa-punapa tumrap tiyang-tiyang punika. Sami kaetogna kemawon, awit manawi kakajengan saha pandamelipun punika asalipun saking manungsa, tamtu badhe sirna,
39 nanging manawi asalipun saking Gusti Allah, panjenengan sadaya boten badhe saged nyirnakaken tiyang-tiyang punika; bokmanawi mangke badhe kabukten ugi, bilih panjenengan sami lumawan dhumateng Gusti Allah.” Pamrayoga iku diturut.
40 Para rasul padha ditimbali lan disapu sarta dilarang, ora kena memulang atas Asmane Yesus. Sawise mangkono padha kelilan mundur.
41 Para rasul padha mundur saka ing ngarsane Pradata Agama kalawan bungah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang kawirangan marga saka Asma Yesus.
42 Sarta saben dina padha mbacutake anggone memulang ana ing Padaleman Suci lan ana ing omah-omah tuwin martakake Injil, kang mratelakake, yen Sang Kristus iku Gusti Yesus.