1 Kira-kira ing wektu iku Sang Prabu Herodhes wiwit tumindak keras marang wong pasamuwan sawatara.
2 Panjenengane dhawuh nyedani Rasul Yakobus, sadhereke Rasul Yokanan, kalawan pedhang.
3 Bareng mirsa, yen bab iku ndadekake senenge atine wong Yahudi, banjur nglajengake tindake kang mangkono iku sarta dhawuh nahan Rasul Petrus. Nalika iku pinuju dina riyaya Roti Tanpa Ragi.
4 Bareng Rasul Petrus wis dicepeng, Sang Prabu Herodhes dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga dening prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsane, salebare Paskah bakal kaladekake marang ngarepe wong akeh.
5 Iya kaya mangkono iku anggone Rasul Petrus katahan ana ing pakunjaran. Nanging pasamuwan kalawan nrentheng ndongakake panjenengane marang Gusti Allah.
6 Nalika bengi sadurunge kaladekake marang ing ngarepe wong akeh dening Sang Prabu Herodhes, Rasul Petrus sare kaapit dening prajurit loro, kabesta ing rante loro. Kajaba saka iku ing ngarep lawang ana prajurit kang padha jaga.
7 Dumadakan ana sawijining malaekate Pangeran jumeneng ing sacelake Rasul Petrus lan sel kono kapadhangan ing cahya. Malaekat mau banjur nyeblek Rasul Petrus, supaya wungu kalawan ngandika: “Enggal tangia!” Rantene nuli ucul saka ing astane Rasul Petrus.
8 Sang Malaekat banjur ngandika: “Sabukana lan enggonen trumpahmu!” Iku iya ditindakake. Sang Malaekat tumuli ngandika: “Jubahmu enggonen lan ngetutna aku!”
9 Panjenengane iya banjur tindak medal ndherekake malaekat sarta ora mirsa, yen apa kang ditindakake dening malaekat iku kalakon temenan, panyanane mirsa wahyu.
10 Bareng wis padha nglangkungi pajagan kapisan lan kapindho, nuli rawuh ing gapura wesi kang anjog ing kutha. Lawange iku menga dhewe. Bareng wis rawuh ing jaba, banjur padha tindak tekan ing pungkasaning dalan; dumadakan malaekat mau banjur nilar panjenengane.
11 Bareng wis enget wewentehan, Rasul Petrus nuli ngunandika: “Saiki aku ngreti temenan, yen Gusti wus ngutus malaekate sarta ngluwari aku saka ing astane Sang Prabu Herodhes lan saka ing samubarang kabeh, kang dikarepake dening wong Yahudi.”
12 Sawise nggalih-nggalih sadhela, banjur tindak menyang ing omahe Maryam, ibune Yokanan kang uga karang Markus. Ing kono akeh wong kang padha nglumpuk ndedonga.
13 Bareng panjenengane nothok lawang regol, ana abdi wadon jenenge Rodhe teka arep nyumurupi sapa kang thothok-thothok iku.
14 Dheweke ora pangling yen iku swarane Rasul Petrus, nanging marga saka bungahe, ora banjur ngengakake lawang, nanging enggal-enggal lumebu ngaturi pirsa, yen Rasul Petrus ana ing ngarep regol.
15 Wong wadon iku banjur dicalathoni: “Kowe iku ngomyang.” Ewasamono tetep anggone matur, yen iku nyata temenan. Banjur padha calathu: “Iku malaekate.”
16 Nanging Rasul Petrus terus bae anggone thothok-thothok. Bareng padha ngengakake lawang lan ndeleng panjenengane, padha kagawokan.
17 Nanging Rasul Petrus tumuli paring sasmita, supaya padha meneng, banjur padha dicaritani, kapriye anggone Gusti nuntun medal saka ing pakunjaran. Pangandikane: “Yakobus lan para sadulur kita padha wenehana sumurup bab iki.” Banjur miyos lan tindak menyang ing panggonan liya.
18 Esuke para prajurit padha kagegeran, padha takon-tinakon apa baya kang wis kalakon ing ngatase Rasul Petrus iku.
19 Sang Prabu Herodhes banjur dhawuh nglari Rasul Petrus, nanging ora ketemu, nuli dhawuh mriksa para kang jaga, kang wusanane padha dipateni. Sang Prabu nuli tindak saka ing Yudea menyang ing Kaisarea sarta lereb ana ing kono.
20 Kacarita Sang Prabu Herodhes duka banget marang wong Tirus lan Sidon. Wong-wong mau padha saiyeg bebarengan sowan menyang ing ngarsane sarta padha kalakon bisa ngrimuk Blastus, punggawa ing kratone Sang Nata, supaya mbiyantu wong-wong mau. Banjur padha nyuwun bedhami, awit nagarane iku oleh pangan saka ing bawahe Sang Prabu.
21 Ing dina kang wus katamtokake, Sang Prabu Herodhes ngrasuk busananing ratu banjur lenggah ing dhampar lan ngandika marang wong-wong mau.
22 Ing kono rakyat padha nampani pangandika iku kanthi asurak-surak, sarta ngucap: “Punika swaraning allah lan sanes swaraning manungsa!”
23 Padha sanalika Sang Prabu banjur kagebag dening malaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukake pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengane seda kamangsa ing cacing.
24 Kacarita pangandikane Pangeran saya sumebar lan saya akeh kang ngrungokake.
25 Barnabas lan Saulus, sawise ngrampungake kawajibane, banjur bali saka ing Yerusalem, Yokanan kang uga peparab Markus diajak.