1 Bareng wis limang dina Imam Agung Ananias rawuh bebarengan karo pinituwa lan juru ngemban prakara, jenenge Tertulus. Iku padha sowan ing ngarsane walinagara sarta ngaturake pandakwane marang Rasul Paulus.
2 Rasul Paulus ditimbali maju, dene Tertulus banjur wiwit ngaturake panggugate, unjuke: “Dhuh, Sang Minulya Feliks, margi saking pambudi-daya panjenengan kula sadaya tansah ngraosaken karaharjan saha jalaran saking kawicaksanan panjenengan, kathah sanget ewah-ewahan ingkang sae ingkang tumindak kangge bangsa kula.
3 Bab punika sadaya wontena ing pundi kemawon tansah kula tampi kalayan genging panuwun.
4 Nanging supados sampun ngantos kadangon anggen kula ngribedi dhumateng panjenengan, kula nyuwun, mugi panjenengan karsaa midhangetaken atur kula sakedhap kemawon kalayan panggalih panjenengan ingkang sampun misuwur kaluberanipun punika.
5 Menggah ing kula sadaya sampun tetela, bilih tiyang punika dados penyakit pes, tiyang ingkang nuwuhaken karuwedan wonten ing satengahing tiyang Yahudi sajagad, saha bilih piyambakipun punika satunggaling pangajengipun golongan tiyang Nasarani.
6 Malah sampun nyobi ngrisak kasucening Padaleman Suci. Awit saking punika lajeng kula cepeng saha badhe kula adili manut angger-anggering Toret kula.
7 Nanging pangageng prajurit Lisias lajeng rawuh nyegah saha ngrebat piyambakipun kanthi roda-peksa,
8 sarta dhawuh, supados sadaya tiyang ingkang ndakwa sami sowan ing ngarsa panjenengan. Wondene manawi panjenengan mriksa piyambak, tamtu badhe nguningani sadaya prakawis ingkang kula gigataken punika.”
9 Lan wong-wong Yahudi iya padha nyarujuki pandakwa iku lan matur, yen pancen dhasar mangkono.
10 Sang Walinagara banjur paring sasmita marang Rasul Paulus, yen wis diparengake ngaturake panjawab. Rasul Paulus banjur matur: “Kula sumerep, bilih sampun taun-mataun anggen panjenengan ngasta pangadilan tumrap bangsa punika. Milanipun tanpa raos mangu-mangu anggen kula badhe ngaturaken panjawab tumrap prakawis punika wonten ing ngarsa panjenengan:
11 Panjenengan saged nguningani, bilih boten langkung saking kalih welas dinten ingkang kapengker punika anggen kula dhateng ing kitha Yerusalem prelu nindakaken pangibadah.
12 Boten nate wonten tiyang ingkang nyumerepi kula saweg dredah utawi ngawontenaken pageger, punapa wonten ing Padaleman Suci, punapa wonten ing papan pangibadah utawi wonten ing panggenan sanes ing salebeting kitha punika.
13 Saha tiyang-tiyang punika boten saged mbuktekaken wonten ing ngarsa panjenengan, punapa ingkang sapunika kagigataken tumrap kula punika.
14 Namung kemawon kula ngakeni wonten ing ngarsa panjenengan, bilih kula ngabekti dhateng Allahipun leluhur kula kalayan ngenut Margining Pangeran punika, inggih punika Margi ingkang dipun wastani sekte dening tiyang-tiyang punika. Kula ngugemi sadaya ingkang kaserat ing angger-anggering Toret saha ing kitabipun para nabi.
15 Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, sami ugi kaliyan tiyang-tiyang punika, bilih badhe wonten patangenipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.
16 Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa.
17 Sareng sampun sawatawis taun dangunipun, kula wangsul dhateng Yerusalem prelu badhe nyukani dana dhateng bangsa kula saha saos pisungsung.
18 Nalika kula saweg nindakaken punika sadaya, wonten tiyang Yahudi sawatawis ingkang dhateng saking tanah Asia, sami nrenjuhi kula wonten ing Padaleman Suci, sasampunipun kula nucekaken badan kula, boten kaliyan tiyang kathah utawi boten nuwuhaken pageger.
19 Inggih tiyang-tiyang punika ingkang pancenipun kedah sowan ing ngarsa panjenengan saha ngajengaken panggigat, manawi gadhah prakawis kaliyan kula.
20 Ewasamanten inggih sampun kajengipun tiyang-tiyang ingkang wonten ing ngriki sapunika punika sami munjuk, piawon punapa ingkang pinanggih wonten ing kula, nalika kula wonten ing ngarsaning Pradata Agami.
21 Punapa bokmanawi namung margi saking pangucap kula, nalika kula ngadeg wonten ing satengahing tiyang-tiyang wau, inggih punika: Margi saking bab patangenipun tiyang-tiyang pejah, kula ing dinten punika dipun ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan.”
22 Nanging Sang Feliks, kang wis nguningani temenan bab Margining Pangeran, karsane ngundur prakara iku, pangandikane: “Yen panggedhe prajurit Lisias wis mrene, aku bakal mutus prakaramu.”
23 Banjur dhawuh marang opsir, supaya Rasul Paulus tetep ditahan, nanging kalawan tahanan kang entheng, sarta para mitrane kang padha ngladeni, aja dipenggak.
24 Let sawatara dina Sang Feliks rawuh karo garwane, Sang Putri Drusila, putri Yahudi, banjur dhawuh nimbali Rasul Paulus sarta nuli midhangetake katrangane bab pracaya marang Gusti Yesus Kristus.
25 Nanging nalika Rasul Paulus matur bab kasampurnan, bab ngendhaleni diri, lan bab pangadilan kang bakal kalakon, Sang Feliks banjur rumaos ajrih, nuli ngandika: “Cukup samene bae dhisik, saiki mundura; besuk yen aku pinuju sela, kowe bakal daktimbali maneh.”
26 Karodene panjenengane ngajeng-ngajeng tampia dhuwit saka Rasul Paulus, mulane kerep ditimbali diajak ngandikan.
27 Nanging bareng wis ganep rong taun, Sang Feliks digentosi Sang Perkius Festus lan kanggo nyenengake atine wong Yahudi, Sang Feliks nglestarekake Rasul Paulus katahan ana ing pakunjaran.