1 Nalika Apolos isih ana ing Korinta, Rasul Paulus wis ndlajahi tanah-tanah pagunungan lan rawuh ing kutha Efesus. Ana ing kono panjenengane ketemu karo siswa sawatara.
2 Iku padha dipangandikani mangkene: “Punapa panjenengan sampun sami nampeni Sang Roh Suci, nalika sami manjing pitados?” Nanging banjur padha matur: “Dereng, malah kula dereng nate sami mireng, bilih Sang Roh Suci punika wonten.”
3 Rasul Paulus nuli ndangu: “Manawi makaten, panjenengan sami kabaptis ngangge baptis punapa?” Atur wangsulane: “Ngangge baptisipun Nabi Yokanan.”
4 Pangandikane Rasul Paulus: “Nabi Yokanan punika anggenipun mbaptis ngangge baptising pamratobat, sarta lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun ngantuni, inggih punika Gusti Yesus.”
5 Nalika padha krungu bab iku, banjur padha kabaptis ing asmane Gusti Yesus.
6 Lan nalika Rasul Paulus numpangi asta wong-wong mau, banjur padha katedhakan Sang Roh Suci sarta padha wiwit calathu nganggo basa warna-warna tuwin padha medhar wangsit.
7 Wong-wong mau gunggunge kira-kira ana rolas.
8 Sajroning telung sasi Rasul Paulus rawuh ing papan pangibadah lan memulang kanthi tatag; sarana pirembagan-pirembagan mbudi-daya supaya padha kadunungan kayakinan bab Kratoning Allah.
9 Ananging bareng ana sawatara kang puguh lan tetep ora gelem diyakinake, malah ngala-ala Margining Pangeran ana ing ngarepe wong akeh, Rasul Paulus banjur nilar wong-wong mau, para siswane dipisah saka ing kono, sarta ing saben dinane memulang ana ing papan kuliyahe Tiranus.
10 Bab iki ditindakake rong taun lawase, temahan wong saisining tanah Asia kabeh padha ngrungokake pangandikane Gusti, wonga Yahudi, wonga Yunani.
11 Gusti Allah ngawontenake mukjijat-mukjijat kang ngedab-edabi lumatar Rasul Paulus,
12 malah nganti kacu utawa lawon kang tau diagem dening Rasul Paulus ditumpangake ing wong lara, temahan mari larane sarta dhemite padha metu.
13 Ana sawenehe wong Yahudi sawatara, tukang njapani ideran, kang padha nyoba nyebut asmane Gusti Yesus kanggo wong kang kasurupan dhemit, kalawan ngucap: “Kowe daksupatani atas asmane Gusti Yesus, kang diwartakake dening Rasul Paulus.”
14 Wong-wong kang nindakake mangkono iku pitu, anake pangareping imam Yahudi, kang jeneng Skewa.
15 Nanging dhemite mangsuli: “Kang asma Yesus iku aku wis wanuh, lan Rasul Paulus aku wis weruh, nanging kowe, sapa kowe iku?”
16 Wong kang kasurupan dhemit iku banjur nubruk marang wong-wong mau, padha kalah rosa, mulane kalah, temahan kalawan kawudan lan ketaton padha lumayu saka ing omahe wong iku.
17 Bab iku kasumurupan dening kabeh wong ing Efesus, wong Yahudi lan wong Yunani, temah kabeh padha ketaman ing wedi, sarta asmane Gusti Yesus dadi saya kondhang.
18 Akeh wong panunggalane kang wis padha manjing pracaya, kang padha teka lan ngaku ana ing ngarepe wong akeh, yen wis padha tau nglakoni mangkono.
19 Uga akeh wong panunggalane kang wis tau nindakake sikir, kang banjur nglumpukake buku-bukune lan diobong ana ing ngarepe wong akeh. Ajine buku-buku iku ditaksir ana seket ewu dhuwit salaka.
20 Marga saka mangkono pangandikane Gusti saya sumebar lan saya unggul.
21 Sawise kalakon iku mau kabeh Rasul Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yerusalem nglangkungi tanah Makedhonia lan Akhaya. Pangandikane: “Sawise mrono aku iya kudu weruh kutha Rum.”
22 Banjur utusan pambantune loro, yaiku Timoteus lan Erastus, kadhawuhan ndhisiki menyang ing tanah Makedhonia, dene panjenengane piyambak kantun ana ing tanah Asia sawatara mangsa.
23 Kacarita kira-kira ing wektu iku tuwuh pageger gedhe marga saka Margining Pangeran.
24 Awit ana sawijining kemasan jenenge Demetrius, kang pangupajiwane gawe pepethan salaka kabuyutane Dewi Artemis. Iku ngolehake kauntungan ora sathithik marang wong kang padha nunggal sapagawean.
25 Wong-wong iku padha diklumpukake dalah para tukang-tukange kang tunggal sapanggaotan sarta padha dituturi mangkene: “He, para sadulur, kowe kabeh padha sumurup, yen karaharjanku kabeh iku marga saka panggaotan iki!
26 Mangka saiki kowe padha sumurup lan krungu, nyen Paulus iki ora mung ana ing Efesus bae, nanging uga meh ana ing saindenging tanah Asia, wis mbebujuk lan nasarake wong pirang-pirang kalawan mratelakake, yen apa kang digarap dening tanganing manungsa iku dudu dewa.
27 Marga saka iku ora mung panggaotan kita bae kang bakal ana sajroning bebaya bakal diremehake ing wong, nanging uga kabuyutane Sang Artemis, dewi agung iku, bakal tanpa teges. Lan Sang Artemis piyambak, Sang Artemis kang disembah-sembah dening wong-wong sa-Asia kabeh lan wong sajagad kang wis maju, bakal sirna kaluhurane.”
28 Wong-wong mau bareng krungu kang mangkono iku banjur padha banget nepsune, sarta padha nguwuh-uwuh: “Agung Sang Artemis, sesembahane wong Efesus!”
29 Kaanan ing sakutha kabeh banjur dadi kisruh, wong-wong kabeh padha gumrudug menyang ing gedhong-tontonan lan ngglandhang Gayus sarta Aristarkhus, iku padha wong Makedhonia, kang padha lelungan bebarengan karo Rasul Paulus.
30 Bareng Rasul Paulus arep tindak menyang ing satengah-tengahing wong akeh iku, dipenggak dening para siswane.
31 Malah ana panggedhe sawatara kang asale saka ing tanah Asia, kang wis dadi mitrane Rasul Paulus, iku padha utusan ngengetake marang panjenengane, supaya aja tindak menyang ing gedhong-tontonan.
32 Kocapa wong-wong kang padha nglumpuk ana ing gedhong iku padha bengok-bengok, ana kang nguwuh mangkene, ana kang nguwuh mangkono, sabab kaanane kumpulan iku kisruh ora karuwan, kang akeh malah ora padha sumurup apa prelune nglumpuk iku.
33 Banjur ana wong kang jenenge Aleksander kang dipurih maju dening wong-wong Yahudi. Iku tampa katrangan saka wong akeh bab apa kang kalakon. Iku banjur kumlawe tangane, arep aweh katrangan minangka panjawab marang wong akeh iku.
34 Nanging bareng wong-wong padha mangreti, yen iku wong Yahudi, banjur padha nguwuh-uwuh bebarengan nganti suwene kira-kira rong jam: “Agung Sang Artemis, sesembahane wong Efesus!”
35 Nanging tumuli disirep dening panitraning kutha, pangucape: “Heh, wong-wong Efesus! Sapa ta kang ora ngreti, yen kutha Efesus iku kang rumeksa marang kabuyutane Dewi Artemis, kang mahaagung, sarta recane kang tumurun saka ing langit?
36 Bab iku ora kena dipadoni, mulane sadulur kabeh, sing padha tentrem lan aja kesusu tumandang.
37 Dene mungguh wong-wong kang padha kokgawa mrene iku ora ngrampog kabuyutane sesembahan kita sarta ora nyenyamah asmane.
38 Dadi manawa Demetrius lan tukang-tukange duwe prakara karo sawijining wong, rak wis ana pangadilan lan ana gupernur, dadi cikben padha gugat-ginugat ana ing kono.
39 Dene yen ana bab liyane kang kokkarepake, iku prayogane dirampungake ana ing parepataning rakyat kang absah.
40 Amarga kita padha sumelang, yen nganti ana pandakwa, yen anggon kita ing dina iki padha nuwuhake pageger iki, ora ana dhasare kang kena kanggo mbenerake anane kumpulan kang kisruh ora karu-karuwan iki.” Kalawan pitutur mangkono iku anggone mbubarake kumpulan rakyat mau.