1 Sang Prabu Agripa tumuli ngandika marang Rasul Paulus: “Kowe wis kalilan ngaturake panjawab.” Rasul Paulus banjur kumlawe astane sarta ngaturake panjawab mangkene:
2 “Dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula rumaos tampi kabegjan, dene ing dinten punika kawula dipun parengaken ngaturaken panjawab wonten ing ngarsa dalem tumrap sadaya gigatanipun tiyang-tiyang Yahudi dhumateng kawula,
3 punapa malih margi paduka nguningani saestu bab adat-tata-cara tuwin padudonipun tiyang Yahudi. Awit saking punika kawula keparenga nyuwun wonten ing ngarsa dalem, mugi karsaa midhangetaken atur kawula kalayan sabar.
4 Sadaya tiyang Yahudi sami nyumerepi gesang kawula wiwit anem, amargi wiwit wiwitan mila kawula gesang wonten ing satengahing bangsa kawula ing Yerusalem.
5 Sampun dangu sanget anggenipun sami pitepangan kaliyan kawula saha bokbilih purun, sami saged suka paseksen, bilih kawula gesang kadosdene tiyang Farisi manut golongan ingkang keras wonten ing salebeting agami kita.
6 Dene sapunika kawula kedah ngadhep wonten ing ngarsaning pangadilan punika, jalaran kawula ngajeng-ajeng dhateng kaleksananing prajanjian, ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah dhateng para leluhur kita,
7 saha ingkang dipun antos-antos dening taler kita kalih welas ing salebetipun sami nindakaken pangibadahipun rinten dalu kaliyan tegen. Inggih margi saking pangajeng-ajeng punika, dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula dipun gigat dening tiyang-tiyang Yahudi.
8 Kadospundi, dene panjenengan sadaya nggalih mokal, bilih Gusti Allah nangekaken tiyang pejah?
9 Sanadyan kadospundi kemawon, kawula piyambak nate nginten, bilih kawula kedah tumindak keras nglawan asmanipun Gusti Yesus saking ing Nasaret.
10 Bab punika kawula tindakaken ugi wonten ing Yerusalem. Kawula boten namung nglebetaken para suci kemawon dhateng ing pakunjaran, sasampunipun kawula tampi panguwaos saking para pangajenging imam, nanging kawula inggih ngrujuki, bilih tiyang-tiyang punika sami kaukum pejah.
11 Wonten ing papan-papan pangibadah kawula asring nganiaya tiyang-tiyang wau, saha sami kawula peksa, supados sami nyelaki kapitadosanipun, punapadene margi saking sanget muntabing manah kawula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi ing nagari-nagari manca.”
12 “Lan ing salebeting kawontenan ingkang makaten punika, nalika kawula kaliyan panguwaos sacekapipun mundhi dhawuhipun para pangajenging imam lumampah dhateng ing kitha Dhamsyik,
13 dumadakan, dhuh, Sang Prabu Agripa, nuju ing wanci tengange, wonten ing tengah margi punika kawula sumerep cahya ingkang nglangkungi padhanging surya, tumurun saking langit ingkang lajeng nglimputi kawula saha kanca-kanca sesarengan kawula.
14 Kawula sadaya nunten sami ambruk ing siti, tuwin kawula lajeng mireng swara ingkang mangandikani kawula mawi basa Ibrani: Saulus, Saulus, yagene sira kok nganiaya Ingsun? Rekasa sira nungkak angkus.
15 Kawula tumunten munjuk: Paduka punika sinten, Gusti? Paring wangsulanipun Gusti: Ingsun iki Yesus kang sira kaniaya.
16 Nanging saiki tangia lan ngadega. Ingsun ngatingal marang sira iku prelu netepake sira dadi paladen sarta seksi tumrap samubarang kabeh kang wus sira deleng saka Ingsun lan kang bakal Ingsun katingalake marang sira ing tembe.
17 Sira bakal Ingsun pisah saka ing bangsa iki tuwin bangsa-bangsa liyane sarta sira bakal Ingsun utus marani bangsa-bangsa iku,
18 supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.
19 Awit saking punika, dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula boten nate boten mbangun miturut dhumateng wahyu saking swarga punika.
20 Nanging ing sakawit kawula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Dhamsyik, ing Yerusalem saha ing tanah Yudea sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanes, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapadene lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau.
21 Inggih margi saking punika tiyang-tiyang Yahudi lajeng sami nyepeng kawula wonten ing Padaleman Suci saha ngangkah pejah kawula.
22 Nanging margi saking pitulunganipun Gusti Allah, kawula saged gesang ngantos dumugi sapunika sarta saged nglairaken paseksen dhateng tiyang-tiyang alit saha dhateng para pangageng. Wondene ingkang kawula wartosaken punika boten sanes kajawi ingkang saderengipun sampun kawartosaken dening para nabi lan ugi dening Nabi Musa,
23 inggih punika, bilih Sang Mesih kedah nandhang sangsara saha bilih Panjenenganipun punika ingkang rumiyin piyambak badhe wungu saking antawisipun tiyang pejah, saha bilih Panjenenganipun badhe martosaken bab pepadhang dhateng bangsa punika saha dhateng bangsa-bangsa sanes.”
24 Bareng Rasul Paulus ngaturake bab iku mau kabeh minangka panjawab, Sang Festus banjur ngandika kalawan sora: “Kowe iku owah, Paulus! Kawruhmu kang akeh iku njalari kowe banjur edan.”
25 Nanging Rasul Paulus nuli matur: “Kawula boten ewah, dhuh, Sang Festus ingkang minulya! Kawula ngaturaken kasunyatan kalayan pikiran ingkang saras!
26 Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalawan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa.
27 Punapa paduka, dhuh, Sang Prabu Agripa, pitados dhateng para nabi? Kawula sumerep, bilih paduka pitados.”
28 Paring wangsulane Sang Prabu Agripa: “Meh bae kowe ngyakinake aku supaya dadi wong Kristen!”
29 Unjuke Rasul Paulus: “Kawula badhe ndedonga dhateng Gusti Allah, supados boten namung paduka kemawon, nanging ugi tiyang-tiyang sanes ingkang wonten ngriki saha mirengaken atur kawula punika, enggal utawi dangu-dangu, sami dados kadosdene kawula, kajawi blenggu punika.”
30 Sang Nata, Sang Walinagara tuwin Sang Putri Bernike lan kabeh kang padha lenggah banjur padha jumeneng.
31 Nalika miyos, padha reraosan: “Tiyang punika boten nglampahi ingkang kenging paukuman pejah utawi paukuman pakunjaran.”
32 Sang Prabu Agripa ngandika marang Sang Festus: “Tiyang punika sajatosipun sampun saged luwar, upami boten nginggahaken prakawisipun dhumateng Sang Nata Agung.”