Lelakone Para Rasul 22 JAV

Pamedhar sabdane Rasul Paulus marang wong-wong Yahudi

22:1-22

1 “Para sadherek saha bapak-bapak, sumangga sami kula aturi mirengaken panjawab kula dhateng panjenengan sapunika.”

2 Nalika wong akeh krungu anggone ngandika ing basa Ibrani, saya mundhak sirepe. Panjenengane banjur ngandika:

3 “Kula punika tiyang Yahudi, kalairan ing Tarsus ing tanah Kilikia, nanging kagulawenthah wonten ing kitha ngriki, kawulang kalayan taliti ing bab netepi angger-anggeripun para leluhur kita wonten ing ngarsaning sampeyanipun Sang Gamaliel, matemah kula lajeng dados tiyang ingkang meleng ing pangabekti dhumateng Gusti Allah, kados panjenengan sadaya punika.

4 Punapa dene tiyang-tiyang ingkang sami ngenut margi punika sami kula kuya-kuya ngantos pejah; jaler-estri sami kula cepengi tuwin kula pasrahaken dhateng ing pakunjaran.

5 Menggah prakawis punika panjenenganipun Imam Agung saha Pradata Pinisepuh sapepakipun sami saged paring paseksen, kula inggih kaparingan serat-serat kangge para sadherek ing kitha Dhamsyik, lajeng kesah mrika badhe nyepengi tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami ngenut margi punika, sami bahde kula bekta dhateng ing Yerusalem supados sami kaukum.

6 Nanging sareng lampah kula sampun celak ing kitha Dhamsyik, inggih punika ing wanci tengange, dumadakan wonten cahya ingkang gumebyar saking langit nglimputi kula.

7 Kula lajeng dhawah ing siti saha mireng swara ingkang ngandika dhateng kula makaten: Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?

8 Atur wangsulan kula: Paduka punika sinten, Gusti? Pangandikanipun: Ingsun iki Yesus saka ing Nasaret, kang sira kuya-kuya.

9 Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengan kaliyan kula, inggih sumerep cahya wau, nanging swaraning Panjenenganipun ingkang ngandika dhateng kula, punika sami boten mireng.

10 Kula lajeng munjuk: Gusti, punapa ingkang kedah kawula lampahi? Paring wangsulanipun Gusti dhateng kula: Ngadega, mangkata menyang ing kutha Dhamsyik. Ana ing kana sira bakal diparingi sumurup, apa kang bakal kabubuhake marang sira.

11 Sarehning kula boten saged ningali, jalaran saking kenging cahya ingkang mblerengi mripat wau, mila kanca-kanca ingkang tunggil lampah kaliyan kula lajeng nyepeng tangan kula, kula katuntun dhateng Dhamsyik.

12 Ing ngriku wonten satunggaling tiyang ingkang nama Ananias, tiyang ingkang manut angger-anggering Toret saha kaseksenan sae wonten ing satengahing sadaya tiyang Yahudi ingkang wonten ing ngriku.

13 Punika dhateng saha ngadeg ing sacelak kula tuwin wicanten: Saulus, sadulur, meleka lan bisaa ndeleng! Sanalika punika ugi kula saged ningali malih saha nyumerepi piyambakipun.

14 Piyambakipun lajeng wicanten: Allahe leluhur kita wus netepake kowe supaya nyumurupi karsane, nyumurupi Kang Bener sarta krungu swara kang miyos saka ing lesane.

15 Sabab kowe pinasthi dadi seksine ana ing ngarepe wong kabeh ing bab samubarang kang wus kokdeleng lan kokrungu.

16 Lan saiki kapriye, dene kowe isih mangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sarta dosamu karesikana kalawan nyebut asmane Gusti!

17 Sasampunipun makaten kula lajeng wangsul dhateng Yerusalem lan nalika kula saweg ndedonga wonten ing Padaleman Suci, roh kula linimputan ing panguwaosipun Allah.

18 Kula ningali Panjenenganipun, ingkang lajeng ngandika dhateng kula: Dienggal, mangkata saka ing Yerusalem dienggal, amarga wong-wong ora bakal nampani paseksenira ing bab Ingsun.

19 Atur wangsulan kula: Gusti, tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih kawula punika ingkang ndhatengi papan-papan pangibadah saha ingkang nglebetaken tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng Paduka dhateng ing pakunjaran sarta ingkang nyapu tiyang-tiyang wau.

20 Salajengipun nalika rahipun Stefanus, seksi Paduka kawutahaken, kawula wonten ing ngriku, saha kawula ngrujuki pandamel punika, punapa dene kawula nengga panganggenipun tiyang-tiyang ingkang sami mejahi.

21 Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira adoh, menyang ing panggonane bangsa-bangsa liya.”

22 Rakyat ngrungokake Rasul Paulus nganti tekan pangandikane kang mangkono iku, nanging sawise iku banjur wiwit nguwuh-uwuh: “Tiyang punika kasirnakna saking ing bumi, boten pantes gesang!”

Ana ing beteng

22:23-29

23 Wong-wong mau terus bae anggone bengok-bengok karo nguncalake jubahe sarta nyawur-nyawurake lebu mandhuwur,

24 mulane panggedhening prajurit banjur dhawuh nglebokake Rasul Paulus menyang ing beteng sarta mriksa lan nyapu panjenengane, supaya bisa kasumurupan apa sababe dene wong-wong iku padha bengok-bengok mangkono ing bab panjenengane.

25 Nanging nalika Rasul Paulus dilumahake arep disapu, panjenengane banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib: “Punapa panjenengan dipun parengaken nyapu warganagari Rum, punapa malih tanpa dipun adili?”

26 Krungu katrangan mangkono iku, opsir mau banjur lapur marang panggedhening prajurit, ature: “Punapa ingkang badhe panjenengan tindakaken? Tiyang punika warganagari Rum?”

27 Panggedhening prajurit banjur murugi Rasul Paulus lan ndangu: “Pratelaa, apa bener kowe iku warganagara Rum?” Atur wangsulane Rasul Paulus: “Inggih.”

28 Panggedhe prajurit banjur ngandika maneh: “Anggonku dadi warganagara Rum iku sarana tuku kalawan rega akeh.” Rasul Paulus mangsuli: “Nanging kula gadhah wewenang punika margi saking kalairan kula.”

29 Wasana wong-wong kang kawajiban nyapu nuli enggal-enggal mundur. Dene panggedhe prajurit iku iya wedi, bareng ngreti, yen Rasul Paulus iku wong Rum, mangka panjenengane kang dhawuh mbanda.

Rasul Paulus ana ing ngarsane Pradata Agama

22:30--23:11

30 Ewasamono panggedhe prajurit mau kapengin nguningani kalawan tliti apa kang dadi pandakwane wong-wong Yahudi marang Rasul Paulus. Mulane esuke dhawuh nimbali Rasul Paulus saka ing pakunjaran lan dhawuh, supaya pangarepe imam lan Pradata Agama nglumpuk. Banjur dhawuh ngirid Rasul Paulus saka beteng diladekake marang ngarsane Pradata mau.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28