Lelakone Para Rasul 4 JAV

Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha kacepeng. Pasamuwan mundhak tumangkar maneh

4:1-4

1 Nalika Rasul Petrus lan Rasul Yokanan lagi mangandikani wong akeh, dumadakan padha katekanan para imam lan lelurahe jaga baya Padaleman Suci sarta para wong Saduki.

2 Wong-wong iku padha nepsu banget, jalaran karone padha mulang marang wong akeh sarta wewarta, yen ana ing Gusti Yesus ana patangen saka ing antarane wong mati.

3 Banjur padha dicepeng lan ditahan nganti dina candhake, amarga wayahe wis sore.

4 Nanging wong kang padha ngrungokake piwulange mau akeh kang manjing pracaya, temahan cacahe wong lanang kira-kira dadi limang ewu.

Rasul Petrus lan Rasul Yokanan ana ing ngarsane Pradata Agama

4:5-22

5 Kacarita esuke para pangarepe wong Yahudi lan para pinituwa sarta para ahli Toret padha nganakake parepatan ana ing Yerusalem

6 karo Imam Agung Hanas lan Kayafas, Yokanan lan Aleksandher apadene kabeh wong, kang kagolong trah Imam Agung.

7 Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur diladekake marang ngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa kalawan didangu mangkene: “Panggawemu kang mangkono mau kalawan panguwasa apa lan atas jenenge sapa?”

8 Rasul Petrus, kapenuhan ing Sang Roh Suci, tumuli matur: “Kula nuwun, para pangajenging bangsa saha para pinisepuh,

9 sarehning sapunika kula sami kapriksa bab pandamel sae dhateng tiyang sakit saha kedah nerangaken kalayan panguwaos ingkang pundi tiyang punika anggenipun kasarasaken,

10 pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israel sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Gusti Yesus Kristus saking Nasaret, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah dening Gusti Allah -- inggih margi saking Gusti Yesus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika.

11 Gusti Yesus punikasela ingkang kabucal dening para juru yasa padaleman-- inggih punika panjenengan piyambak --ewadene sampun dados selaning pepojok.

12 Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”

13 Bareng parepatan nguningani kakendelane Rasul Petrus lan Rasul Yokanan mangka mirsa, yen karone iku wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha kaeraman, sarta padha ora pangling, yen loro-lorone iku padha dadi pandhereke Gusti Yesus.

14 Nanging sarehne padha mirsani wong kang diwarasake iku ngadeg ana ing sandhinge para rasul, dadi ora bisa mabeni apa-apa.

15 Para rasul tumuli didhawuhi metu saka ing papan parepatan, pradata banjur pirembagan,

16 pangandikane: “Tiyang punika kedah kita punapakaken? Awit sampun nyata, tumrap sadaya tiyang ingkang manggen ing kitha Yerusalem, bilih kekalihipun sami ngawontenaken satunggaling mukjijat ingkang nyolok, ingkang boten saged kita selaki.

17 Namung kemawon supados bab punika sampun ngantos saya sumebar wonten ing satengahing tiyang kathah, prayoginipun tiyang kalih punika kita ancam saha kita awisi, supados sampun ngantos pirembagan malih kaliyan sintena kemawon atas asma punika.”

18 Bareng karone wis didhawuhi lumebu, padha didhawuhi supaya babar pisan aja rembugan utawa memulang maneh kalawan asmane Gusti Yesus.

19 Nanging Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha mangsuli: “Panjenengan kula aturi nggalih piyambak, pundi ingkang leres wonten ing ngarsaning Allah: nurut dhateng panjenengan sadaya punapa dhateng Gusti Allah.

20 Amargi tumrap kula sadaya boten saged kendel anggen kula sami pirembagan bab punapa ingkang sampun sami kula tingali sarta ingkang sampun sami kula pireng.”

21 Pradata saya banget anggone ngancam marang para rasul mau, nanging wekasan iya banjur padha dililani mundur, sabab parepatan ora manggih bab kang kena diagem ngukum, amarga ajrih marang wong akeh, kang padha ngluhurake asmane Gusti Allah, awit saka anane bab kang mentas kalakon.

22 Jalaran wong kang kawaluyakake dening mukjijat iku umure wis luwih saka patang puluh taun.

Pandongane pasamuwan

4:23-31

23 Sawise kaluwaran Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur tindak menyang ing panggonane mitra-mitrane sarta banjur nyariyosake bab apa kang wis didhawuhake dening para pangareping imam lan para pinituwa.

24 Bareng para mitrane krungu bab iku, banjur padha bebarengan nyebut marang Gusti Allah, unjuke: “Dhuh Pangeran, Paduka ingkang nitahaken langit, bumi, saganten tuwin saisinipun sadaya,

25 sarta ingkang sampun ngandika kanthi pakaryaning Sang Roh Suci lumantar abdi Paduka Prabu Dawud, leluhur kawula sadaya, makaten:Yagene para bangsa padha waringuten,lan para suku-bangsane padha ngangen-angen prakara kang tanpa guna?

26 Para raja ing donya padha siyaga lan para panggedhe padha nglumpuk arep lumawan marang Pangeran lan marang Jebadane.

27 Awitdene sayektosipun Sang Prabu Herodhes saha Sang Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israel sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya ngayoni Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi

28 sami nglampahi sadaya ingkang sampun Paduka tamtokaken wiwit sakawit kanthi panguwaos saha margi saking karsa Paduka.

29 Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.

30 Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”

31 Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel.

Pitepungane para warganing pasamuwan

4:32-37

32 Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.

33 Sabanjure para rasul anggone nekseni bab wungune Gusti Yesus kalawan panguwasa kang gedhe sarta kabeh padha kaluberan ing sih-rahmat.

34 Sabab ora ana wong siji-sijia ing panunggalane kang kekurangan, amarga kabeh wong kang duwe palemahan utawa omah, iku padha diedol, pepayone digawa

35 diladekake marang ing ngarsane para rasul, banjur diedum-edum marang saben wong, manut kabutuhane.

36 Samono uga Yusuf, kang diparabi Barnabas dening para rasul tegese anaking panglipur, wong Lewi saka ing pulo Siprus.

37 Iku duwe pategalan, diedol, dhuwit pepayone banjur digawa kaladekake marang ing ngarsane para rasul.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28