1 Tumuli ana wong sawatara saka ing tanah Yudea teka ing Antiokhia, kang padha mulang marang para sadulur ing kono mangkene: “Manawi panjenengan sadaya boten sami nglampahi supit manut adat-tata-cara ingkang dipun warisaken dening Nabi Musa, panjenengan boten badhe saged manggih karahayon.”
2 Nanging Rasul Paulus lan Barnabas banget anggone padha suwala lan mbantah panemune wong-wong mau. Wekasane pasamuwan banjur mutus, Rasul Paulus lan Barnabas sarta warga pasamuwan liyane sawatara kautus menyang ing Yerusalem nemoni para rasul lan para tinituwa, prelu ngrembug bab mau.
3 Para utusan mau diuntapake dening pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nerusake lakune ngliwati tanah Fenisia lan Samaria, sadalan-dalan padha ngundhangake pamratobate wong-wong kang padha ora wanuh marang Gusti Allah. Iki banget ndadekake bungahe para sadulur ing kono.
4 Satekane ing Yerusalem, para utusan padha ditampani dening pasamuwan lan para rasul sarta para pinituwa, banjur padha nyritakake samubarang kabeh kang wus katindakake dening Gusti Allah lumantar saka pandamele.
5 Nanging nuli ana wong sawatara kang kalebu golonganing wong Farisi, kang wis manjing pracaya, kang padha ngadeg lan matur: “Ingkang sanes tiyang Yahudi kedah dipun tetaki saha dipun wajibaken netepi angger-anggeripun Nabi Musa.”
6 Para rasul lan para pinituwa banjur padha nganakake parepatan, ngrembug prakara iku mau.
7 Bareng wis sawatara suwe anggone padha bebantahan, Rasul Petrus banjur jumeneng sarta ngandika: “Para sadherek, panjenengan sadaya sampun sami nguningani, bilih sampun wiwit kala rumiyin mila kula kapiji dening Gusti Allah saking ing antawis kita, supados lumantar lesan kula bangsa-bangsa sanes sami mireng pawartos bab Injil satemah lajeng sami manjing pracaya.
8 Mangka Gusti Allah ingkang nguningani manahing manungsa, sampun kepareng nampeni tiyang-tiyang wau, lajeng ugi sami kaparingan Roh Suci kadosdene kita,
9 punapadene Panjenenganipun babar pisan boten mawi mbeda-mbedakaken tiyang-tiyang wau kaliyan kita, sasampunipun nucekaken manahipun sarana pitados.
10 Milanipun kadospundi dene panjenengan sadaya sami nyobi dhateng Gusti Allah kanthi patrap ngetrapaken rembatan ing pundhakipun para siswa, ingkang leluhur kita utawi kita piyambak boten kiyat ngrembat.
11 Kosokwangsulipun kita pitados, bilih kita badhe tampi karahayon margi saking sih-rahmatipun Gusti Yesus Kristus kadosdene sadherek-sadherek punika.”
12 Kabeh sing padha marepat banjur padha meneng, tumuli padha ngrungokake critane Rasul Paulus lan Barnabas bab pratandha lan kaelokan kang ditindakake dening Gusti Allah lumantar rasul loro iku ana ing antarane bangsa-bangsa liya.
13 Bareng Rasul Paulus lan Barnabas wis rampung anggone cariyos, Sang Pinisepuh Yakobus banjur ngandika: “Para sadherek, sami kula aturi mirengaken atus kula:
14 Sadherek Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit-wiwitan mila Gusti Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggenipun milih satunggaling bangsa saking antawisipun bangsa-bangsa sanes wau kagem asmanipun.
15 Bab punika cocog kaliyan pangandikanipun para nabi, ingkang kaseratan, wiraosipun:
16 Sawuse mangkono Ingsun bakal wangsulsarta mbangun maneh tarube Dawud kang wis rubuh,lan jugrugane bakal Sunbangun maneh sarta Sunsantosakake,
17 supaya wong-wong liyane kabeh padha ngupaya marang Pangeran,mangkono uga kabeh wong kang ora wanuh marang Gusti Allah,kang Ingsun sebut kagunganingSun.Mangkono pangandikane Pangeran, kang nindakake iku kabeh,
18 kang wus kauningan wiwit sakawit.
19 Awit saking punika pamanggih kula, kita sampun ngantos damel rekaosipun para sadherek saking bangsa-bangsa sanes, ingkang sami mratobat dhateng Gusti Allah.
20 Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadherek-sadherek punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken dening brahala, saha nebihi lampah jina, punapadene nyirik dagingipun kewan tetakan tuwin rah.
21 Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Nabi Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah.”
22 Wasana para rasul tuwin para pinituwa sarta wong sapasamuwan kabeh padha mutus milih wong sawatara saka ing antarane kang bakal kautus menyang ing Antiokhia, bebarengan karo Rasul Paulus lan Barnabas, yaiku Yudas kang peparab Barsabas lan Silas. Iku wong kang padha kajen ana ing antarane para sadulur.
23 Padha digawani layang kang surasane: “Salam kula para rasul saha para pinisepuh, sarta para sadherek panjenengan, katur dhumateng para sadherek ing Antiokhia, Siria lan Kilikia ingkang aslinipun saking bangsa-bangsa sanes.
24 Kula sampun sami mireng, bilih wonten tiyang sawatawis panunggilan kula, ingkang sami damel kejoting panggalih saha damel kuwur panjenengan kalayan piwulangipun, mangka boten sami kula weling.
25 Milanipun kula sampun sami sarembag saha mutus kengkenan tiyang sawatawis manggihi panjenengan sesarengan kaliyan sadherek Barnabas tuwin Paulus ingkang kula tresnani,
26 inggih punika sadherek kalih ingkang sampun masrahaken nyawanipun margi saking asmanipun Gusti kita Yesus Kristus.
27 Wondene ignkang kula kengken sadherek Yudas saha Silas, ingkang badhe ngaturaken kalayan lesan piweling ingkang kaserat punika dhateng panjenengan.
28 Amargi Sang Roh Suci lan kula sampun damel putusan, supados panjenengan sampun ngantos kabebahan nglangkungi ingkang kaperlokaken:
29 Sami nyirika sesajening brahala, rah saha daging kewan tetakan, punapadene lampah jina. Punika sadaya manawi sami panjenengan singkiri, panjenengan sampun tumindak sae. Namung samanten, mugi sami ginanjar wilujeng.”
30 Bareng wis padha pamitan, Yudas lan Silas padha mangkat menyang ing kutha Antiokhia. Ana ing kono wong sapasamuwan banjur marepat, layange nuli diaturake.
31 Bareng wis diwaca, padha bungah awit oleh panglipur.
32 Anadene Yudas lan Silas, sarehne iya padha nabi, mulane nganti sawatara suwe anggone mituturi para sadulur lan nyantosakake atine.
33 Lan sawise ana ing kono sawatara mangsa, banjur padha dililani bali dening para sadulur menyang ing ngarsane kang ngutus kalawan disangoni slamet.
34 Nanging Silas milaur keri ana ing kono.
35 Rasul Paulus lan Barnabas anggone ana ing Antiokhia nganti sawatara suwe padha bebarengan lan wong akeh liyane memulang sarta nggelarake pangandikane Gusti.
36 Nanging bareng wis sawatara lawase Rasul Paulus banjur ngandika marang Barnabas: “Prayogane saiki padha bali niliki para sadulur ing saben kutha, sing wis padha kita sebari pangandikane Gusti, kapriye kaanane.”
37 Barnabas kapengin uga ngajak Yokanan kang apeparab Markus.
38 Nanging Rasul Paulus pratela kalawan kenceng, ora prayoga yen ta ngajak wong kang wus ninggal lunga ana ing kutha Pamfilia lan ora gelem diajak nyambut gawe bebarengan.
39 Bab iki ndadekake dredahe sakarone, temahan padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus lan banjur layar menyang Siprus.
40 Dene Rasul Paulus milih Silas, lan sawise kasaosake dening para sadulur marang sih-rahmate Gusti,
41 banjur mangkat njajah ing tanah Siria lan Kilikia, sarta nyantosakake pasamuwan-pasamuwan.