17 Dadine pracaya iku thukule awit saka pangrungu, sarta pangrungu iku marga saka pangandikane Sang Kristus.
18 Ananging aku takon: Apa padha ora krungu? Sajatine wus padha krungu:“Swarane wus nyrambahi ing salumahing bumi,Sarta tembunge wis tekan ing tapel watesing jagad.”
19 Nanging aku takon maneh: Apa kirane bangsa Israel ora mangreti? Kang dhisik ana pangandikane Nabi Musa mangkene:“Ingsun bakal nenangi kumerenira marang kang dudu umat,sarta nenangi nepsunira marang bangsa kang bodho.”
20 Lan kalawan kendel Nabi Yesaya ngandika:“Ingsun wus ditemu dening wong kang padha ora ngupaya Ingsun.Ingsun wus ngatingal marang wong-wong kang ora nakokake Ingsun.”
21 Balik tumrap bangsa Israel pangandikane mangkene: “Sadina muput anggoningSun ngegarake astaningSun marang bangsa kang ora mbangun-turut sarta madoni.”