6 Nanging kabeneran kang awit saka pracaya iku, wewarahe mangkene: “Aja ana osiking atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang ing swarga?” yaiku prelu ngaturi Gusti Yesus tumedhak,
7 utawa: “Sapa ta kang bakal mudhun menyang telenganing pati?” yaiku: prelu nginggahake Sang Kristus saka ing antarane wong mati.
8 Nanging kapriye wewarahe? Mangkene:“Pangandika iku cedhak karo kowe,ana ing tutukmu lan ana ing atimu.”Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakake.
9 Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.
10 Sabab, kalawan ati wong iku anggone pracaya sarta kabenerake, lan kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu.
11 Awit Kitab Suci ngandika mangkene: “Sapa kang pracaya marang Panjenengane, ora bakal kawirangan.”
12 Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bedane. Ujer Gusti Allah mung siji, kang dadi Gustine wong kabeh, sarta luber kadarmane marang sadhengah wong kang padha nyebut marang Panjenengane.