8 Nanging kapriye wewarahe? Mangkene:“Pangandika iku cedhak karo kowe,ana ing tutukmu lan ana ing atimu.”Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakake.
9 Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.
10 Sabab, kalawan ati wong iku anggone pracaya sarta kabenerake, lan kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu.
11 Awit Kitab Suci ngandika mangkene: “Sapa kang pracaya marang Panjenengane, ora bakal kawirangan.”
12 Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bedane. Ujer Gusti Allah mung siji, kang dadi Gustine wong kabeh, sarta luber kadarmane marang sadhengah wong kang padha nyebut marang Panjenengane.
13 Awitdene sapa kang nyebut Asmaning Pangeran bakal kapitulungan rahayu.
14 Nanging kapriye anggone padha bisa nyebut marang Panjenengane? Kapriye anggone padha pracaya ing Panjenengane, yen padha ora krungu bab Panjenengane? Kapriye anggone padha krungu bab Panjenengane manawa ora ana kang martani?