10 Saha mripatipun sami kadamela peteng,satemah sami boten ningali,
11 Kang iku aku takon: Apa wong mau anggone padha kasandhung iku supaya tiba? Babar pisan ora! Nanging awit saka panerake, karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha thukul kumerene.
12 Awit manawa panerak mau njalari kasugihaning jagad, lan kakurangane dadi kasugihane bangsa-bangsa liya mendahane maneh mungguh ing kasampurnane.
13 Aku pitutur marang kowe, heh para bangsa saliyane bangsa Yahudi. Iya marga aku iki dadi rasule para bangsa saliyane bangsa Yahudi, aku nganggep yen bab iki dadi kamulyaning pangabdiku,
14 yaiku bokmanawa aku bisa nenangi rasa kumeren sajroning batine para kadangku tunggal bangsa miturut daging, sarta bisa mitulungi rahayu marang panunggalane sawatara.
15 Sabab yen panampike iku ateges pirukun tumrap ing jagad, wong-wong iku anggone nampani apa ora ateges kauripan saka ing antarane wong mati?
16 Manawa panenan wiwitan iku suci, jladrene iya suci kabeh, lan yen oyode suci, pang-pange iya suci.