5 Mangkono uga ing wektu saiki, iya ana kekaren, awewaton pamilihe sih-rahmat.
6 Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wis ora marga saka panggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wis dudu sih-rahmat maneh.
7 Kang iku kapriye? Israel ora bisa nggayuh apa kang diupaya, nanging kang nampani iku para wong kang pinilih. Dene liyane padha mangkotake atine,
8 kaya kang katulisan, wiraose:“Gusti Allah ndadosake wong-wong mau padha turu kepati,maringi mripat kang ora kanggo ndeleng,lan kuping kang ora kanggo ngrungokake,nganti tumeka ign dina iki.”
9 Sarta Sang Prabu Dawud munjuk:“Pakembulanipun dadosa kalajiret saha jaring,tuwin sesandhungan,punapadene piwales tumrap tiyang-tiyang punika.
10 Saha mripatipun sami kadamela peteng,satemah sami boten ningali,
11 Kang iku aku takon: Apa wong mau anggone padha kasandhung iku supaya tiba? Babar pisan ora! Nanging awit saka panerake, karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha thukul kumerene.