1 Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.
2 Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.
3 Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingake marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Kowe aja nganti mikir prakara-prakara kang ngluwihi kang prayoga kokpikir, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowe padha bisa ngereh badanmu miturut ukuraning pracaya, kang kaparingake dening Gusti Allah marang kowe dhewe-dhewe.
4 Sabab padha kaya kita, badan siji nduweni gegelitan akeh, nanging gegelitan mau ayahane ora padha,
5 mangkono kita iki, sanadyan akeh, padha dadi badan siji ana ing Sang Kristus; ananging kita iki kang siji padha dene dadi gegelitane sijine.
6 Iya mangkono iku, dadi kita iki padha duwe ganjaran beda-beda, miturut sih-rahmat kang kaparingake marang kita: manawa ganjaran mau kanggo medhar wangsit prayoga anggon kita nindakake laras karo iman kita.
7 Yen ganjaran mau kanggo leladi, iya padha leladia; manawa ganjaran memulang, iya padha memulanga;