11 Anggonmu taberi aja nganti kendho, padha dibanter ing roh, lan padha leladia marang Gusti.
12 Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning karupekan, dimantep anggonmu ndedonga!
13 Padha mitulungana ing kekuranganing para suci, sarta padha merlokna aweh pamondhokan!
14 Wong kang nguya-uya kowe, pujekna becik, lan aja koksupatani.
15 Wong kang bungah biyantonana bungahe, wong kang nangis biyantonana panangise.
16 Ditunggal ati ing sajroning pitepungan; aja ngarah marang kang dhuwur-dhuwur, nanging padha ngudia marang kang prasaja. Aja kuminter!
17 Aja males ala marang wong kang gawe piala; padha nindakna kang becik tumrap sadhengah wong.