8 yen ganjaran mau kanggo mituturi, iya padha mituturana. Sapa kang ngedum apa-apa, anggone nindakake akanthia ati kang eklas; sapa kang mimpin, iya kang kanthi taberi: sing sapa olah kawelasan, iya nindakna kanthi bungah.
9 Tresna iku ditanpa lamis! Padha gethinga ing piala sarta nglakonana panggawe becik.
10 Kowe padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan dadia tuladha ing bab ajen-ingajenan.
11 Anggonmu taberi aja nganti kendho, padha dibanter ing roh, lan padha leladia marang Gusti.
12 Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning karupekan, dimantep anggonmu ndedonga!
13 Padha mitulungana ing kekuranganing para suci, sarta padha merlokna aweh pamondhokan!
14 Wong kang nguya-uya kowe, pujekna becik, lan aja koksupatani.