4 Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah, murih becikmu. Nanging manawa kowe nindakake piala, iya wedia. Marga ora tanpa gawe anggone ngasta pedhang. Awit pamarentah iku abdine Gusti Allah kang malesake paukuman marang wong kang nglakoni piala.
5 Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.
6 Rak iya marga saka iku anggonmu padha asok pajeg. Ujer kang ngurus bab iku, iku padha dadi peladose Gusti Allah.
7 Mbayara marang wong akeh, apa bae kang kudu kokbayar; pajeg marang wong kang wenang nampani pajeg, beya marang wong kang wenang nampani beya; pakering marang wong kang darbe hak nampani pakering, lan pakurmatan marang wong kang darbe hak nampani pakurmatan.
8 Kowe aja padha duwe utang apa-apa marang sapa bae, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani sapadha-padha, iku ateges wis netepi ing angger-anggering Toret.
9 Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!
10 Tresna iku ora nandukake piala marang sapadha-padha, mulane katresnan iku katetepane angger-anggering Toret.