3 Sapa kang mangan, aja ngremehake kang ora mangan, sarta sapa kang ora mangan aja njeksani wong kang mangan, awit iku wus katampen dening Allah.
4 Kowe iku sapa ta, dene kok njeksani baturing liyan? Wong iku ngadeg apa tiba, iku rak urusane lurahe dhewe. Nanging wong iku bakal tetep ngadeg, marga Pangeran kuwaos njaga supaya terus ngadeg.
5 Sabab ana wong kang duwe panganggep, yen ana dina kang luwih wigati katimbang dina-dina liyane, nanging ana maneh kang ngarani yen kabeh dina iku padha bae. Saben wong iku nemtokna ana ing atine dhewe.
6 Sing sapa ngajeni marang sawijining dina, iku anggone ngajeni kagem Gusti. Lan sing sapa mangan, iku pamangane cumadhang ing Gusti, marga wong iku saos sokur marang Gusti Allah. Lan sing sapa ora mangan, anggone ora mangan iku iya cumadhang ing Gusti, lan uga saos sokur marang Gusti Allah.
7 Awit kita iki siji bae ora ana kang uripe kanggo awake dhewe, sarta sijia bae ora ana kang patine kanggo awake dhewe.
8 Marga manawa kita urip, urip kita cumadhang marang Gusti, lan manawa kita mati, mati kita iya cumadhang marang Gusti. Dadi urip utawa mati, kita iki kagungane Gusti.
9 Sabab, iya iku kang dikarsakake anggone Sang Kristus seda sarta wungu maneh, supaya Panjenengane jumenenga Gustine wong mati lan wong urip.