6 Sing sapa ngajeni marang sawijining dina, iku anggone ngajeni kagem Gusti. Lan sing sapa mangan, iku pamangane cumadhang ing Gusti, marga wong iku saos sokur marang Gusti Allah. Lan sing sapa ora mangan, anggone ora mangan iku iya cumadhang ing Gusti, lan uga saos sokur marang Gusti Allah.
7 Awit kita iki siji bae ora ana kang uripe kanggo awake dhewe, sarta sijia bae ora ana kang patine kanggo awake dhewe.
8 Marga manawa kita urip, urip kita cumadhang marang Gusti, lan manawa kita mati, mati kita iya cumadhang marang Gusti. Dadi urip utawa mati, kita iki kagungane Gusti.
9 Sabab, iya iku kang dikarsakake anggone Sang Kristus seda sarta wungu maneh, supaya Panjenengane jumenenga Gustine wong mati lan wong urip.
10 Ananging kowe, yagene kok njeksani sadulurmu? Utawa yagene kowe kok ngremehake sadulurmu? Awit kita kabeh kudu padha seba ing ngarsaning dhampar pangadilane Gusti Allah.
11 Awit ana tulisan, wiraose:“Demi gesangingSun, mangkono pangandikaning Pangeran,kabeh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningSun,sarta sakehe ilat bakal ngluhurake Gusti Allah.”
12 Dadine siji-sijine panunggalan kita iku bakal ngunjukake panjawab marang Gusti Allah bab prakarane dhewe-dhewe.